Dhandhanggula
TATA SURYA JAGAD
Banjur tata surya Bimasakti
Galaxy ing sanduwure ika
Banjur Great Atractor rane
Kang layak huni iku,
Perau Kembar ingkang planit
Dununge panguwasa
Raja Mata Satu
Lir Panguwasa Sauran
Kang ana ing Judul Filem Lord of The Ring
Banjur Black Hole kang ping nam
Njero black hole ana lorong cacing
Tan ana kang bisa mlebu kana
Kang bisa Psawat Black Forteck
Nganggo pasword yen mlebu
Njedule wus ing alam gaib
Susu Sejati rannya
Yen munggah mneh iku
Surya Kencana wastanya
Banjur Tata Surya Panguripan Sjati
Ing sanduwure ika
Tata surya uni level inggil
Aran Sastra Jendra Hayuningrat
Sanginggile wonten maleh
Tata surya kang luhur
Wastanipun Lebur Seketi
Tata Suryanipun.
Iku level sewelas
Masaran kang kaping Rolas
Segi Tiga Emas Tata Surya akhir
Lamun bar ping telulas
Kerajaan agung paling inggil
Sarwo tan kena kinaya ngapa
Kerajaan ARS arane
Kedaton Gusti iku,
Lebure papan klawan tulis
Jare Ramaku Sala
Yen manungsa iku
Roh e asalipun saka
Ing tata surya level lima manginggil
Wus duwe wicaksana
Prosesipun energi kinetic
Saka Suri Surius punika
Dumadi peradapane
Inka Maya puniku,
Uga maneh Cina lan Mesir
Mars dadi India
Jerman, Mercurius
Venus Inggris lan Belanda
Sidratul Muntaha glombang e.magnetic
Tangkuban Prau rannya
Kandungan ing lintang Panjer Wengi
Anduweni kandungan ilmiah,
Kabut Sutra Biru ranne
Piring Terbang puniku
Bisa ngrubah sasat mimikri,
Kang nyetir sipat cahya
Kepalane iku,
Zilihulu schuder lanang.
Zahnimeta arane ingkang pawestri
Schuder yunior putra.
Technologi kang dikuasai,
Sinar alfa, Beta, Gama, Massa.
Bahan bakar pesawate,
Ospium Padat iku,
Bahan saka Sarine Nuklir.
Pesawat Induk ika
Tim penasehatipun,
Tahu Cetho, Cethi, Cetha
Mangkono Benua Pangea wis canggih.
Jare Ramaku Sala.
Ramaku kang tan ngawistarani.
Sarwana, wadah kang sarwo hana.
Sampun inggil frekwensine.
nadyana kamot iku,
Sarwo prasaja ‘mbeg utami.
Nata kang namur lampah.
akeh kang nggeguyu,
nanging tetep sabar nrima.
mangkono iku ing jaman sapuniki,
wong njaba lamun nyawang,
toto gelar pangkat lan artati.
tan ngerti akeh Nata kang memba.
yen sinawang kaya kere.
Laire papa estu.
Tan pakra sarwo tan mbejaji.
Siro jo nyepelekna,
malati wong iku.
turasing ngawirya ika,
nadyana tan gadah pawiyatan inggil,
Wus jinangkung wahyunya.
Skabehing ilmu bisa mumpuni,
gurunipun datan kasat soca,
tan ana akademine.
Nanging kalamun lulus,
bisa jumeneng Raja yekti.
gelare wujud wahya.
kaya ta puniku,
Wahyu Brawijaya ika.
Uga Mangku Negara pa Mangku Bumi.
’beh iku aran wahya.
nging yen lulusan universiti,
amung mentog ngluluske Professor.
mula kang dadi President,
yen datan mengku wahyu,
mung modal pinter wae kuwi,
tan tentrem negaranya.
Nanging yen kewahyu,
wahyu Nata Binathara,
bisa nyirep krodaning angkara jalmi.
Rakyat tentrem raharja.
Aja maneh sipating sujanmi,
Gunung, Siti, Toya lan Maruta,
nderek sumuyut skabehe.
banjur ing sapuniki,
apa uwis wahyu sumiwi,?
isih sinengker Dewa.
mijilipun wahyu,
lumarap aneng sujanma,
ingkang wus dijumenengi Parikesit.
Putus mring obah rasa.
sabanjure ana tehnologi,
ingkang jaman rumuhun wis ana,
maneka warna canggihe.
Ing desain Ramaku,
ana sekawan Revolusi,
Program ndandani ndonya.
Revolusi Hijau,
ya iku program sepisan.
Sektor Pertanianne direvolusi.
tanduran tanpa obat.
yeku Program Pertanian Steril.
wus ora nganggo rabuk lan obat.
murni organik hasile.
rabuke iku wujud,
Nutrisi njupuk ska atmosfir.
Bali kaya ing Jaman,
taun sangang ngatus.
ing Kediri krajaannya.
ingkang dipangan iku murni organik.
bisa nyehatke badan.
umur dawa lan sipate becik.
Yen karaktere akeh tan ala,
bisa mahanani tentrem.
ing mangkana puniku,
critane akeh warni – warni.
tan bisa winursita.
Sabanjure iku,
Revolusi Biru Program.
ndandani Ekosistem Laut lan Warih.
neka warna programnya.
Banjure Revolusi Energi.
Sinebute Revolusi Merah.
Bahan Bakar sakabehe,
bahane iku mundhut,
asal saka atmosfir Bumi.
Bumi ora dirusak.
Sarwo steril iku.
puncake energi ika,
ska Ospium Padat sari – sari nuklir.
ndonya ing wektu ika,
ora ana eksplorasi Bumi.
hanggane Bumi tan kena rusak.
Banjur Program pungkasane,
ana kahanan suwung.
Alam Hampa iku Energi.
Ran Revolusi Hitam.
kanggone puniku,
Explorrer menyang angkasa.
lintang menyang lintang, mlebu lobang cacing.
wus nganggo H - Tech uga.
Cekap semanten pisungsung mami,
kawangsulna dateng sreging manah.
sepira wae canggihe,
technologine iku,
ingkang murba wasesa Gusti.
ing mangkana kacihna,
yen Gusti puniku,
kwasa nggelar neka warna.
kang bisa dibayangake manungsa kuwi,
’cen nyata lan ilmiah.
Kang tan bisa dibayangke kuwi,
mung kahanane Gusti kewala.
Nanging bisa meruhine,
mawa rasa kang lembut.
Jalma ingkang dinugrahani.
wus kasebut Pininta,
lan Pinilih iku.
dadi wadah lan caraka,
saking Gusti kanggo ndandani ing Bumi.
”Borong Hangga saderma’’.
BOOK BY TERM NITISASTRA extracted MPU BRI HAWAN NOTOSEWU REAL BOOK OF NITI RM.KOESEN (Contains data Kasunanan Intelligence Agency Surakarta Palace also contains a prediction that something will happen around the world)