ADVERTIZED

ads ads ads ads ads

Kamis, 16 Desember 2010

JANGKANITISASTRA

KITAB JANGKA NITISASTRA YANG DISARIKAN OLEH MPU BRI HAWAN NOTOSEWU DARI KITAB NYATA NITI RM.KOESEN (Berisi data-data Badan Intelejen Karaton Kasunanan Surakarta juga berisi prediksi sesuatu yang akan terjadi di seluruh dunia ini ) BOOK BY TERM NITISASTRA extracted MPU BRI HAWAN NOTOSEWU REAL BOOK OF NITI RM.KOESEN (Contains data Kasunanan Intelligence Agency Surakarta Palace also contains a prediction that something will happen around the world)
PURWAKA
Dhandhanggula
Sun anumplag panguneging ati
Cumanthoko haniru pujangga
Banget muda ing batinne
Nanging tansah ginunggung
Tan weruh akeh kang ngesemi
Kapeksa hangrumpaka
Basa kang kelantur
Tutur kang katula – tula
Tinalaten haruruh kalawan ririh
Mrih padanging sasmita
Kepareng sun matur sawetawis
Mnyat ngripteng kawi mrih tyas harsana
Nadyan balilu sastrane
Satriya Natasewu
Pisungsung rahayuning margi
Sopanane kawuryan
Tan sembarang enu
Tumedake sking sang Dwija
Sinurung ronging tiyas kinen udani
Sasmitaning kang jangka
Seket pat warsi wus prapteng Jawi
Tan kathah spating janma upiksa
Nging sun suwun aksamane
Sun calak kumalungkung
Lir satriya kajula yekti
Lingseman alit manah
Tan banter lelaku
Kepara den sia – sia
kinira gendheng, muhung mahas asepi
Doh garini tanaya
Mnawi tinampi pangastuti sun
Tedak turun turas manggyo suka
Basuki menyang akhire
kuato raganingsun
nadyan sweda deres umijil
Ngupadi Datulaya
Tentrem kang satuhu
Manedha manggya nugraha
Arjasa gung tinon hamayungi mami
Mugya kiat hanampa
Kantun maligi sawiji kapti
Nanging tan kadya malekke asta
Kedah unggul ing ajuret
Kuwandane pinesu
Acegah dahar lawan guling
Wiweka anut rasa
Mrih bisa lumebu
Kepanggih kang ingsun sedya
Borong honggo lumarap kisma pratiwi
Sgotra minulya हर्जा


PAWARTA AGUNG
Mulyaning sarira rinasa
Toto tentrem amematri
Latri myang rahino wus dadyo
Haneng sajroning buwana
Wanti mawanti trahing Barata
Wijile jati ing alase
Bawaning rat tumuju Lawu
Gambuh
Mulya kang wis tinamtu
Yan wus prentahe ronging badyayu
Toto tentrem tumanem ing sanubari
Langgeng tan ono dahuru
Trimo agenging nugroho
Hananging weruh iku
Wanuho dingin marang Sang Kayun
Wit - witing Urip kang samengko wus mijil
Borong hanggone leluru
Woro crito golekono
pangkur
Sajatine uwis nyata
Tri lan dwi manunggal dados satunggil
Ya iku kang wus den antu
Nata Gung Binathara
Tapi nora akeh kang bisa sumurup
Seket lima prapteng Jawa
Wus pinasti titi wanci
Cacawe ing Ngarcapadha
Osik lan obah hangobahi jalmi
Palungguhane Wahayu
Warangkane Satriya
Togen ing sarira pribadine iku
Anane kang mung dedana
Gunggunge tan den etangi
Sangkala sirno snalika
Rampung Ginulung tlenging sanubari
Tuntas hambengkas reridu
Tatag tutug lan tanggon
Nahan boting sanggemaning Sang Winahyu
Jangkane jinangkah teka
Wahyane agung nelahi
Iku nugraha Hyang Mana
Kunci Kuncining Kunci ran ’’Master Key’’
Sangkanipun saking IBU
Ijine saking RAMA
Mambet hangambar ambar gegandanipun
Mahanani tentrem nyata
Diesti yekti wus dugi
Asmarandana
Aneng jro kedaton Gusti
Wit urip tnandur sap sapta
Jamur barat pinayunge
Gaduhna skabehing Asma
Ginawe tenger jalmo
Neko warno Iku Ingsun
Lar gumelar bebranahan
Kinanti
Limang warni cacaheku
Manunggal wus dadi siji
Kang snumpet ing alas pudhak
Sinengker hyang Maha Suci
Neng njero mukti wibawa
Kersa mijil wus jejanji
Gambuh
K idungna mrih anggambuh
U lunen amrih bisa rumasuk
N eng ning no supaya dunung mangerteni
C ocokno ywo nganti kliru
I line swara nut rasa
dhandhanggula
A sale saka manunggal yekti
S un sabda kawula dadi Putra
M urih elinga sangkane
A ja pijer katungkul
S inireping endahe warni
E lar laring bawana
J eneng sira iku
A sal saka Jalatunda
T entrem ing wadah yekti ran Cundamani
I ng kana omahira
Gambuh
M awaso jroning kalbu
I sine keteging angga iku
J ejere ingkang tumatanipun adil
I ngkang dana siang dalu
L amun mijil mbengkas karyo
Asmarandana
P augeraning aUrip
A nane limang perkara
W ahyu pungkasan kang gede
E ka Buwana wus prapta
L ima limaning tunggal
I ki yekti wis linimpud
Ng alimputi ing sarira
Kinanti
S jatine Urip kang dunung
I ya iku kang den pundi
Ng ayomi ing akir jaman
K anugrahan kang sejati
I ng dodote wis tinambal
R a kesasar seba bali
Pangkur
Mrih lumebu Jagad Anyar
Wruha dingin mustika mustikaning
Rasa kamulaning enu
limang perkara nyata
Lima nunggal Mono wus wujud Wahayu
Yuwanane kasarira
Tumrape kawula dasih
Pusakane Puntadewa
Tembung Empu lan Saka mengku werdi
Saka Tiyang tegesipun
mPu punika utama
Sbanjure Punto pungkasan werdinipun
De iku Gede sanyata
Wa iku Wahyu sayekti
Wahyane Tiyang Utama
Yen winahyu ngerti lawan Sang Urip
Tegese Eling sangkanku
Yo mnyang paranku ika
Mula ywa pegat kongsi mlebu ing kalBu
Arane wana Ketangga
Ketege angga na ati

Tidak ada komentar: