ADVERTIZED

ads ads ads ads ads

Kamis, 16 Desember 2010

JANGKANITISASTRA

Sinom

NGUNGAK –UNGAK JANGKA JAWA

Ngungak - ungak Jangka Jawa

Yen lumebu madya akhir

Ana Dewa ngeja wantah

Ajejuluk Ratu Adil

Ratu kang Amisani

Putra Dewa kang Pembayun

Jumenenge datanpa

Srana lan syarat sadawir

Golekana kaki ajo nganti sasar

Ratu Adil dudu mnungsa

Rasa Tumata sayekti

Adil nyumrambahi badan

Tua anom gede cilik

Wong mlarat lan wong sugih

Edan waras budek bisu

Kafir lan wong iman

Rasa tan mbedakne kaki

Skabehe kesrambahan gelar gumelar

Kratone Alas Ketangga

Mula rasa iku kaki

Kang saka keteging angga

Ratu Amisan dwe werdi

Urip kang ana dingin

Tan ana nglangkungi sepuh

Kang disik lan wekasan

ngadeg tanpa syarat sdawir

Pancen urip datan butuh neka – neka

Kang Pembayun aran Putra

Putra iku Urip cilik

Urip Gede iku Rama

Sadurunge jagat lair

Putra sinabda dadi

Cinitra saking wahayu

Mula sinebut anak

Tembung putra mengku werdi

Palungguhan Urip kang Tmata ing Rasa

Ingkang diwastani anak

Iku sabda kun ska Gusti

’’Anane klawan piyambak’’

Jalmi amung disilihi

Digawe angarani

Nyebut bapak anak ibu

Sjatine kabeh asma

Sipat jalma digaduhi

Mula kabeh jeneng kagungane “Gesang”

Jarwane Pembayun ika

Kang dinuta amisani

Ing alkitab wis diserat

Yen Yesus menika luwih

Sepuh timbang Ibrahim

Yesus anak ingkang Sulung

Ing Islam uga ana

Nalika Adam dumadi

Muhammad Rasullulah lwih disik ana

Ana maneh kang jinangka

Sang Ratu kagunggan karsi

Akarya ‚‘Sungsang Buwana

Balik‘‘ ingkang mengku werdi

Kang asung gesang karsi

Hambalikake kang kalbu

Pinda ngumbah kukusan

Ingkang njero dadi njawi

Kang asor mnyang luhur kang nduwur mnyang ngandap

Samengko jangka cinandra

Candra candrane negari

Kidung Sunan Kalijaga

Semut ireng anak sapi

Smut reng iku wong cilik

Nganak ke pejabat agung

Keong yo wong kang lemah

Kondang wani demontrasi

Wong bodho ra wedi nyabrang kali bngawan

Arus banter kang winastan

Aturan hukum tan wedi

Timun woku godong wolu

Wong Minoritas wis akih

‘’Wolu penjuru angin

Dwe sedulur’’ simbulipun

Yen Wong Jawa mung skawan

Sdulur kiblat papat kaki

Surobaya geger kepati wis nyata

Gegere wong ngoyak macan

Pjabat diwadai bui

Lun alun iku negara

Kerta kalla sura wani

Gajah ngamuk tinali

Remeh asma akhiripun

Sasat cineker ayam

Srobaya – Jkarta simbolis

Ing jamane ala becik da aYuda

Nanging ja kaliru tampa

Iku kahanane negri

Asmane kalebu jangka

Yen pyayine mbeg utami

Jo lapurke pulisi

Mundak aku kena bendu

gitu saja kok marah

Jawabe, ya iyalah dik

Masak ya iya donk,Gusti nywun ngapura

Mangkono iku tinimbang

Kongkow sing ra maedahi

Crita - crita ngambra ambra

Madat, minum,lan ngrasani

Aluwung ngripteng kawi

Mbok menawa isinipun

kang becik sa tinulad

Ingkang ala den singkiri

Kena kinarya palupi semah yoga

Yoh padune dadi jeksa

Jek rekasa sawetawis

Wus sewindu angreranta

‘doh sanak kadang pamili

Duh gusti ingkang asih

Pinaringana pitulung

Nadyan kula rekaos

Saturun manggiha mukti

Mulyane nyoto latri hawan wibawa


BOOK BY TERM NITISASTRA extracted MPU BRI HAWAN NOTOSEWU REAL BOOK OF NITI RM.KOESEN (Contains data Kasunanan Intelligence Agency Surakarta Palace also contains a prediction that something will happen around the world)

Tidak ada komentar: