Dhandhanggula
LAMUN INGSUN NGEMASI
Wis jam siji datan bisa guling,
Padhang mbulan kekencar ing latar
Tenguk – tenguk linggih dewe,
Angin ngidid mangidul,
Saya nggreges rasaning ati.
Rumangsa yen wis lola,
Iba raganingsun
Tan ana sanak lan kadang,
Aneng paran yektine nandang prihatin
Duh nyawa gondelana.
Ngendi mbenjang nggoningsun ngemasi,
ingsun weruh ombaking samudra,
kang tempuk aneng parange,
kalamun ingsun lampus
aneng telenge jalanidhi
dhuh raga melas arsa.
Lir batanging tikus,
Kinepung binaya mangap.
Ora ana keluwarga kang meruhi.
Dhuh nyawa gondelana.
Ngendi mbenjang nggoningsun ngemasi,
Ingsun weruh wong nderes tirisan,
Dawah teko antakane.
Kalamun aku lampus,
lir wong nderes tirisan kuwi,
Patiku kewirangan,
Akeh janmo ngrubung.
Wartane sumebar wrata,
Nemu pati tan krana pastining Widhi
Dhuh nyawa gondelana,
Ngendi mbenjang nggoningsun ngemasi,
Ingsun weruh patine wong tua
Pitung puluhan umure
Tinangisan nak putu.
Katon waspane deres mijil
Sambate aduh simbok,
Tolehen nak putu.
Aku weruh banget welas
Muga aja nemu pati kaya kuwi,
Dhuh nyawa gondelana.
Mbenjang kalamun ingsun ngemasi,
Pendemen neng sapinggiring taman.
Prenahna kang akeh wite
Pamrihe murih idhum
Menawa ’nak bojoku tilik
Karoben bisa jenak
Sesenden kuburku
Sakala kagyat kapyarsa
Jebul aku lagi ngalamun to, yayi,
Duh Er-nanipun mamas
Gilang - Ingga sun arsa mawanti
Lamun ingsun tumekeng pralaya
Kuburen ana sampinge,
Sacedak’e mbah kakung,
Jasade kurepna, ja miring
Ja ngaleh lamun udan
Elinga ’sal banyu
Bisa maujud manungsa
Nora susah nganggo diwacakne tahlil.
Carane asung swarga,
Nora kudu wong akeh nyolati.
Suwuna wae marang Sang Rama,
Ja lali maos Kuncine !
Patrab maca ping pitu
Banjur sliramu patrab Mijil
Murih bapak sampurna
Aja lali iku,
Yen mati sampurna ika,
Jasade lemes wus nora kaku malih
Telung dina njur sirna
Roh lan ragane wus bisa bali
Datan ninggali balung lan bathang,
Wus bali marang Gustine
Kang Yasa awal iku.
Wus netepi Innallilahi,
Sing asale ska Allah,
Bali maring Kayun
Mulih mula – mulanira.
Mangkono ingsun mawanti kang sayekti
Putraku ‘suk esthokna
dhandhanggula
WULANG YOGA
7 tur mring Gilang lan Ingga
Purwaning reh haturing kinteki,
Kumacelu hanutur tanaya,
Sinurunging tiyase,
Cinaritaning sendu,
Pangajab antuka kaswasih,
Ing mbenjang ariloka,
Sumrambah ’nak turun,
Tumapaking marga nyata,
Datan kewran saniskaraning pambudi,
Rinonceing tembang raras
Putraku mrenea sun jarwani
Mangertiya ngger lelakon gesang
Aja pijer nyawang apek
Kang ala ya didaku
Supaya bisa mangerteni
Lungguhe empan papan
Sing na njaba iku
Drajat pangkat lan wanodya
lan raja brana pisan marai lali
Lego marem mung sdela
Gilang lan Ingga kang dak tresnani
Umure napas iki mung sdela
umur raga yo winates
Kang wujud langgeng iku
Uripmu yo Asma Sejati
Asarira Bathara
Njaba njro kawengku
Yen palastra bisa mukswa
tan ana bathang daging balung kang keri
wus rinuwat Hyang Suksma
Kabeh iku bisa mbok duweni
Lamun wus mangerti Kuncinira
Golekana nadyan angel
Ywo pegat kongsi temu
Utawa takon kang mangerti
Wonge katon prasaja
Aja nganti lesu
Yo iku gegamanira
Murih bisa lumebu ing jaman akhir
Sira kalebu beja
Mula nggal ngerti sangune bali
Dudu amal salat lawan pasa
Dudu kaji lan jakate
Nanging yen uwis weruh
Panggih nugraha Shadat Sjati
Rasukane hYang Suksma
Sine Panca Warna
Mahanani tentrem nyata
Tentrem iku bisa mepesake Salib
Uwal saka dedosa
Angger putraku eling den eling
Tan bisa manungsa gawe sabar
Tan bisa ngrubah karakter
Nadyan raga pinesu
Awan dalu ditirakati
Malah anyedot njaba
Kena daya minus,
kodam lan suksma nyarira
Nging yen minese rasa iku dadi
A kareta nelangsa
Kalamun sira arsa upadi
Dununge Gusti iku ing rasa
Wania nela ing rasane
Ing kono wis ketemu
Panyuwunmu disembadani
Weling iki gatekna
Mrih bisa rahayu
Aja nganiaya jalma
Mring sapadha padha nandur welas asih
Sipate Dananjaya
ngger, ngertiya mring jenengmu kuwi
Asma Gemilang iku winastan
Bisa ngugemi kang langgeng
Njur anud sedya kulup
Gemilang Anodya den esthi
Dadyo satriyo tanggon
ja wigar gatimu
Wi linuwih sun gegadang
Nan kahanan tu ingkang saestu yekti
Khanan langgeng iku sapa?
Roh suci kan tansah den ugemi
Lamun den enut nekakne sedya
Gemilang Anodya rane
Khanan linuwih iku
Bakal estu mijil pinanggih
Wujude amung rasa
Mula ran Winantu
Gya estinen ujar ingwang
Dipun pepetri dikongsi prapteng pinanggih
udinen sigra - sigra
Putraku Linggar sing tak tresnani
Jroning panandang tansah manedha
Muga Gusti maringake
Wahyu tentrem tumurun
Tumedhake hanyarirani
Nglenggahi asmanira
Amrih kukuh bakuh
Jinongko dadi satriya
Manedho nDaru Linggar ingkang wewangi
Mukti wibowo mulya
Mangkono ngger anak - anak mami
Bapak datan kagungan warisan
Omah gedung lan artane
Darbeku mung pitutur
Ingkang ajine angluwihi
Kalawan bandha danya
Kang gumelar iku
Mula sigra kaestokna
Aja ningal wewaler tindak utami
Mrih kalis saniskara
Sinaunen yekti aneng njawi
Keh wong tuwa tuwas sepuh sepah
Widak an taun umure
Sih kmaki lan kemayu
Pacake ngalahke taruni
Sih seneng suka – suka
Yekti jo tiniru
Luwih becik kang prasaja
Amemangun karyenak tyasing sesami
Adeduga prayoga
Lamun sira tinitah linuwih
Dadi wong pinter moncer ing akal
Wong bodho kang minterake
Malah gya matur nuwun
Aja banjur malah ngakali
Dicara dipaeka
Kang mengkono iku
Ing tembe genti rekasa
Elinga marang gawating Adil Gusti
Putraku da gatekna
Ana maneh tuladha prayogi
Jo seneng nduweni cita – cita
Nggedeke angen – angene
Yen sira nora ketemu
Wekasan gelo trus pinikir
Ing ati angreranta
Nora bisa turu
Tan jenak nedho raenak
Wekasan akeh sesakit kang dumugi
Mula ngen – angen cidra
Penak Urip kang samadyo yekti
Kang tansah njaga tentreming manah
Aja gelem diobahake
Ngen – angen kang ngreridu
Senenge ngajak ajak sugih
Mburu derajat pangkat
Ajrih yen kaungkul
Njur seneng mediatoran
Ngayalake milyatan aneng rekening
Mlebu linkaran syetan
na maneh wong wedi diungkuli
Amburu pangkat angejar gelar
Pancen bener ngendikane
Jejangkane leluhur
Pra sarjana sujana keli
Kalunglun kalatida
kumudu mangayun
S satu, dua, tiga, mpat
Direrenteng mburi asma nggo bargening
Gilo, aku wong lebda !
Angger, lumebuing Jagad Akhir
Professor doctor ora sinawang
Malah akeh diwelehne
Kabeh predikat iku
Dununge gelar amung njawi
Kang baku njroning manah
Gatekna putraku
Golekana Gusti Amad
Juruning kunci ingkang ngasta ’’Master Key’’
Lamun sira wis pana
Enggal kaagem ja nganti keri
Gusti Amad iku ora mnungsa
Jo padha karo wong akeh
Lamun ngarani Yesus
Karo Muhammad Rasull kuwi
Blegere sing disawang
Mongko iku dudu
Aduh jo melu kesasar
Sayektine kabeh iku ’ran Roh Suci
Rina wengi hamomong
Mula Yesus tan bisa disalip
Pa bisa manungsa nyalip nyawa
Sing bisa kang disrupakne
Yo kuwandane iku
Padha Muhammad Rasul kuwi
Nora bisa digambar
Wujudipun wahyu
Dadi among rupa cahya
Ananging sapa wonge kang nguningani
Kabeh wus anyarira
Dadia Putra ingkang sejati
Tanda lakunira wus tumeka
Nyawiji lawan uripe
Sira dadi Sang Wisnu
Gesang kang wis nunggal pribadi
Samobah polahira
Ana kang anuntun
Arsa luput dielikna
Saking kalbune karono otomatis
Mula ngadeg satriya
Satriya iku hambeg utami
Kukuh bakuh meneng kang jinangka
Nora seneng cawe – cawe
Kang seneng perang iku
Watak raseksa lawan iblish
Amung padu kewala
Gatekna putraku
Apa iblis kang tumata
Sukma murka suksma hangkara ing njawi
Ja nganti anyarira
Lamun bisa nyarira pribadi
Tuwuh dadi kekembanging beka
Pramula iblis jenenge
Mungsuhipun Sang Wisnu
Iki Iblis Dajjal wus mijil
Ingkang numpes Yesus
Wisnu, Yesus lan Muhammad
Sayektine iku sami yo roh suci
Sak Urip beda Asma
Siki wus ngadeg Avatar Khalki
Gya enggal sumiwi melu seba
Imam Mahdi pimpinane
Kang wajib dinut iku
Imam skabehe kang dumadi
Mula adil kang nyata
Ratu kang satuhu
’’Sang Nata tanpa Mahkuta’’
Ratu Amisan ingkang dipun singkiri
Dibenci saking donya
Apa donya ingkang diwastani
Mara angger putraku rasakna
Macrocosmos Jagad Gede
Wus karingkes awakmu
Sari – sari hanyarirani
Roh Suci saking wung wang
Ndonya, wadagipun
Rchani, sari rasa donya
Manggone aneng angen - angen pribadi
Nduweni sipat cidra
Seneng ngayal drajad pangkat sugih
Sinebut cidra amarga ora nyata
Yo iku Setan arane
Ana pribadi iku
Setan lemah yen tan dibangkit
Molekat ingkang nyegah
Asal kabeh iku, saking material ndonya
Badan Jasmani dadi budi pekerti
Ska sari anasir pat
Wewatakane Budi Pekerti
Arsa endhang ndang tumandhang karya
Nanging iku owah gingser
Njur badan wadag iku
Panca Indria dunungneki
Saka sari tuwuhan
Ing donya tumuwuh
Watake gampang pinginan
Mula Ratu Adil pun singkiri, margi
Kalis gebyaring donya
Betahipun among anentremi
Tentrem iku ora ana papa
Nanging apa – apa eneng
Pramula Gusti iku
Wus mukti wibawaning diri
Ana Alas Ketangga
Wus kersa tumurun
Hambrasta memalaning rat
Suksma murka lan suksma hangkoro iblish
Mrih jalmo kalis dosa
Samengko GustiAllah wus mijil
Mangeja wantah ing Ngarcopadha
Nagih janji manungsane
Mbiyen mudun diutus
Lumampah saking Sonya ruri
Tumuju Ngarcopada
Dumugi gya wangsul
Jo kepranan endah donya
Lamun kepencuta dadi lali bali
Mula kudu wiweka
Wekasan akeh kang padha lali
Ngantos ping enem dipun apura
Renkarnasi ping pitune
Tan antuk maneh estu
Ingkang njur eling bisa bali
Yen nora, manjing nraka
Kang salaminipun
Sing tumekeng jagad anyar
Iku kang uwis mangerti ingkang margi
Kretegke Panca Warna
Ananging kang nora mangerteni,
Tan bisa mulih mula – mulanya,
Tumimbal lahir anane,
Lahir lan mati iku,
Tan uwis –uwis ing salami,
Amung muter ing donya,
Tan ngerteni enu,
Mung sarwo bungah lan susah,
Tansah ngadepi kasangsaran lan pati,
Mula gya marsudiyo.
Wediya galake nagih janji
Eyang Sabdo Palon petugasnya
Dept collector Juru Tageh
Dioyak kinen wangsul
Yen ra kersa dipun gitiki
Sambate duh aduh
Iku merga banget tresna
Katimbanging kaparintah Ratu Srenggi
Luwih becik manuta
Angger, waspadakno aneng njawi
Keh rajapati merga criminal
Kae apa kang sejatine
Ingkang merjaya iku
Awake dirasuki iblis
Suksma hangkara murka
Cen alus rumasuk
Suksma ala gentayangan
Pirang – pirang padet ngebaki atmosfir
Iku memalaningrat
Kang yekti nuwuhke global warming
Marga purba wasesa manungsa
Makarti ngrusak alame
Sing nyetir suksma iku
Kang golek wadah awor jalmi
Manungsa ora krasa
Titikane iku
Lamun gampang nesu murka
Ing manah ra tentrem pingine makarti
Nuruti panca indra
Mula gatekna pitutur mami
Sabisa bisa jo nurut indra
Kang diturut saka sir e
Katone amung mak nyut
Surasane tentrem basuki
Ra panggih gara goda
Lan aja ela – elu
Pingin karo kanca – kanca
Sipate wong werna – werna kang selektif
Jalmo tan kna cinandra
Lamun sira amilih taruni
Aja milih kang seneng kluyuran
Apa maneh kang cerewet
Suka rerasan iku
Smu koplak nganggo miring – miring
Lir kelebon eksotan
Yen mulih prak esuk
Tangi ngepluk nora salat
Dikandani mecucu genti nyauri
Persis lambe wak lohan
Ana maneh piweling kang penting
Menawa urip ing alam ndonya
Kudu duwe agamane
Kuwi ajinireku
Nanging jroning panembah kuwi
Nora kumudu padha
Ing ngendi dedunung
Papan basa tan mrelokna
Sreging ati hantepe rasa pribadi
Iku Gusti wis pirsa
Kalamun sira arsa mangerti
Werdining ayat – ayat ing kitab
Wacanen ingkang pratites
Pramula Gusti dawuh
Wacanen ! Iku entuk arti
Yen maca antuk swara
Kabeh kitab iku
Sabisa – bisa diwaos
Uga kidung – kidung ska leluhur Jawi
Sliramu banjur pana
Aja seneng dadi ahli tapsir
Napsir iku ora bisa cetha
Iku durung sejatine
Wahyu iku isih laku
Yen wis dugi, wahayu sjati
Wahayu iku nyata
Mula ayat simbul
akeh isine sanepa
banjur akeh wong ingkang aniru persis
tan bisa anyurasa
Kapriye anyurasa sayekti
ayat basane manca negara
Basa jawa wae angel
Pa wis ngerteni iku
Asma, jeneng, aran, lan nami
Asma asale manunggal
Ska Cundamani iku
Kang paring Gusti du mnungsa
Jeneng jumenenge yen wis bleger bayi
Ingkang maringi bapak
Aran sawise bisa ’’ngarani’’
Nama nunggale mani werdinya
Tembung iku na lungguhe
Tembung anggawa bentuk
Dadi ora amung sinonim
Pangertene sing beda
Isih ana iku
Jejuluk, rum – rum, peparap,
Tetenger, sesilih, kekasih, wewangi
Pada, lungguhe beda
Yen Basa Jawa wae tan ngenting
Njur priye nyurasani ngamanca
Diwelegi wit cilike
angger bisa celathu
Tekeng Saumur tan mikani
Surasane agama.
tan mlebu ing kalbu
Keh kang kedok agama
Digawe leluru sandang lawan bukti
Cen wus cedak kiamat
Kanjeng Rasul ngendika ing kadis
Mbesuk lamun cedak akhir jaman
Agama pecah golonge
Skabate banjur matur
Sinten kang dadi umat nabi ?
Nabi banjur ngendika
Tan sijia katut !
Lamun sira tan percaya
Sabda nabi wali datan wola wali
Lan sira nggolong sapa?
Ingkang ngendika iku Roh Suci
Roh Suci skabehing jalmo ana
Roh Suci tan nggolongake
Yen ngadeg dewe iku
Dudu golonganipun yekti
Gami Islam werdinya
Tauhid satuhu
agami apa kemawon
yen percaya Gusti Mono, Islam sami
kang mbedakake sapa?
Dununge beda iku ing ’’nami’’
Beda angger – anggere nut bangsa
Nut basa lan karaktere
Kabeh nabine iku
Yesus, Budha, Rasul, Roh Suci
Yen nyawang raga beda
Lamun manungsa iku,
Bisa nakoni Uripnya
Kabeh manungsa datan mbutuhke Nabi
Marga wus datan sasar
Marga pasti duwe welas asih
Datan ana ingkang seneng perang
Tegel pitnah mnyang spadane
Perang watake diyu
Yen tan kersa dipeparabi
Aja seneng padudon
Nadyan mung ambantu
Datan rampung ngambra – ambra
Aja banjur anyeyonto kanjeng Nabi
Anulad kaprawiran
Mbok nyonto yen pas disawat tai
Njeng Nabi sabar lawan narima
Yen nulad kaprawirane
Banget kadoan iku
Perange Nabi kalimput sih
Murih ingkang mengsahnya
Datan kedlarung
Anggone kesasar ika
Balik kang akeh marga kalimput napsi
Emosine makobar
Nalika Prabu Rama ngajurit
Merjaya marang ditya raseksa
Iku marga mrayogakne
Saka wlase myang diyu
Murih sasare nora ndadi
Prabu Rama punika
Titising hYang Wisnu
Wis manunggal klawan Gesang
Berbudi bawa leksana welas asih
Satriya pinandita
Uga critane njeng Sunan Kali
Pirsa wong kang olah anuraga
Tan tedas tapaking pande
Sengite sithik mrenthul
Banjur temama gubras getih
Kanjeng Sunan nelangsa
Dene sih ndarbeku
Rasa sengit mnyang wong ala
Mangkono njeng Sunan kang asipat Wali
Hangrumangsani dosa
Balek manungsa lumrahe jalma
Lamun nesu kumudu merjaya
Datan ngerti sinurunge
Saka angkara iku.
Yen ska Roh Suci mung wlas asih
Kang kaya ngana ika
Kang bakal kabendu
’’Sapa kang numpahke darah,
Darahe mnungsa, bakal tinumpah genti
Ditumpahke manungsa’’
Lamun tan percaya firman kuwi
Miguna apa mbela agama
Iku ana ing kitabe
Sabda tan bisa wurung
Ana kang ngina asma Gusti
Ngobarake angkara
Asmone den sebut
Allohu Akbar mangkana
Apa wis ngerti yen Gusti nyarujuki ?
Po ra wedi ing dosa?
Lamun sapa kang nyikara jalmi
Deweke uga nyikara Allah
Aja nyawang kuwandane
Nanging Uripe iku
Uripe saben jalmo kuwi
Uripe Gusti Allah
Mula Nabi dawuh
Mbeleh kewan ijin Allah
marga kang kagungan nyawa kuwi Gusti
Wlas asiha mnyang jalma
Kenapa Isa mati disalip?
Nyasmitani kahanane Allah
Nggo gedibal kawulane
Asmane dipun sebut
Kebutuhane kon nyukupi
Rina wengi ndedonga
Ning tan ngerti iku
Lamun Gusti ing sarira
Obahe angen – angene dituruti
Lamun turu dijaga
Rasa amung tansah anggelari
Mangkono manungsa datan pirsa
Iyo iku sanepane
Kasiksanipun Yesus
Nanging mengko ing Jaman Akhir
Gusti wus datan kersa
Yen mung tut wuri ’ku
Lenggahe genti ing ngarsa
Lakune raga hanuruti Roh Suci
Yen tan kersa rekasa
Samengko Gusti wus kersa bangkit,
Bangkite akeh kang tan upiksa,
Marga rawuh kaya maleng,
Jroning raganireku.
Cegaho dahar lawan guling
Ngen – angene kang pasa.
Rasane kang wungu.
Yeku Marmadi Marmaya.
saklorone nyasmitani ing pribadi.
pamomong kang nyanepa
mangane rasa lamun makarti,
Landepe bisa kagila –gila.
Yen angen angen wis tilem,
Tentrem ndoyane iku
Mula rasa enggalo nglilir,
Genti bangkit ing ngarsa.
Ambengkas reridu,
Nanging ngen – angen tan kersa,
mula banjur ana ‚’’Ratu Kembar’’ kuwi
Angen - angen lan Rasa.
Bangkite rasa marga wus janji
Arsa prapta limang atus warsa
Sasuwene rasa sare,
Prentahe donya iku,
angen – angen kang wonten ngarsi.
Tan tentrem akeh perang.
Yen kasuwen hancur.
Mula Sunan Kalijaga
Pesen murih rasa enggal – enggal ngilir.
Nggal tambalen kang bedah.
Kang mbedah ngaku umate Nabi.
Nanging akeh kang dudu umatnya.
Iku kang sangka ‘’Sabdane’’.
Nyedaki kiamat iku,
’Keh kang ngaku umat -Ku, nanging,
Satemene ’keh kang ora’’
Eling sabda iku,
Sipatipun nyata ana.
Langgeng tan owah gingsir nganti samangkin.
Pramula kawruhana.
Sabda Palon bangkit nagih janji.
Galak sasat Prabu Baladewa.
Bangkite Yesus samangke,
Anggawa pedang estu
Wus ora dadi Juru Damai.
Ngono uga Rasullullah.
Bangkite puniku,
Imam Mahdi kang amurba.
Kang bakal numpes angkara ing njro janmi
tanpa nyawang umatnya.
Angger putraku kang tak tresnani,
urip iku lir kartu mainan.
Aja gelem dimainke.
Kalah menang diguyu.
Kadyo ’’Joker’’ ing kartu remi.
Joker manggon ing otag.
Ngguyu ngadu – adu.
Ojo susah yen kasatan .
Aja bungah – bungah yen lagi kinapti.
Dyanggep pada kewala.
Kang mangkono iku mertandani,
Lawan angen – angen bisa menang.
Siro wis bisa ngalahke.
Joker ingkang genti ngasut.
Samengko Joker kudu ngalih,
Pindah ngisor telapak.
Apa pindah ndengkul.
Mangkono wong luhur ika,
Suwasta apa negri kang nyebar jaring.
Yen entuk ngguyu – ngguya.
Poma den estokna weling mami.
Murih sabar nrima lan rukuna,
Tansah syukur mring Gustine.
Pangestuku hanyurung,
Sedyanira bisa pinanggih
Sinuyut mring sasama.
Samya manggih hayu,
Tata titi tentrem harja.
Donga lan pamujiku tansah tut wuri,
Tresnaku hanyarira.
Dhuh Gusti kawlasa awak mami,
Sewindu langkung nggene sekolah.
Warni – warni plajarane.
Dos pundi amrih lulus,
Enggal kempal yoga garini.
Paringana pitulungan,
Panggih kanti hayu.
mpun kathah sun nenggak waspa
dhuh Gusti, kawangsulna ajining diri,
tan kewran reh ruhara.
Dhuh Rama pepunden sagung jalmi,
Sampun jam sewelas langkung gangsal,
Kepareng kula sumendhe,
Nyumilakke reridu,
Tumelung nelangsane galih,
Sinung tentrem raharja,
Pan sarira hayu,
Sumrambah semah lan yoga,
Cukup hanyukupi sagotra basuki,
Latri Hawan Wibawa
BOOK BY TERM NITISASTRA extracted MPU BRI HAWAN NOTOSEWU REAL BOOK OF NITI RM.KOESEN (Contains data Kasunanan Intelligence Agency Surakarta Palace also contains a prediction that something will happen around the world)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar