ADVERTIZED

ads ads ads ads ads

Kamis, 16 Desember 2010

JANGKANITISASTRA

Kinanthi

SWARANE GUSTI

Wruhaniro pra kadangku,

Pangandikanipun Gusti,

Binagi pitu cacahnya,

Ingkang pisan sworo Jati,

Kaping pindo Swara Rasa,

Swara Krasa kang kaping tri.

Swara Rumangsa ping catur,

Sabanjure wonten malih,

Swara ngrasakke ping gangsal,

Swara angen – angen kuwi,

Kang kaping enem dawahnya

Ping pitune budi pkerti,

Kabeh iku asalipun,

Saking telenging jaladri,

Lamun sapa wus tumeka,

Meruhi Swara Jati,

Titikane wonge menika,

Kaserat ing kidung nguni,

Yen uning Sjatining dawuh,

Kewuhan sajroning ati,

Yen tiniru nora lumrah,

Uripe kaesi – esi,

Yen niruo dadi asor,

Mung ngajab tentreming diri.

Njur samobah polahipun,

Mung kumambang karseng Widhi,

Tan ono kang luwih nikmat,

Saliyane nunggal Gusti.

Direh mnungso wus tan kersa,

Mung kersa nentremi ati.

Toto laire yen dinulu,

Sajak’e nora mbejaji,

Margo kahanan ing njaba,

Tan ngalahke tentrem Ati,

Wus datan kerso ngendiko,

Yen nora Obahing Gusti .

Nanging manungsa puniku,

Kathah – kathah mung dumugi,

Swara ngen – angen kewala,

lan swara budi pekerti,

swara ngen angen wujudnya,

kang ngajak kumudu sugih.

Utawa kumudu unggul,

Derajat pangkat den lari,

Kumudu ndwe omah gedong,

Yen bisa bojone artis,

Yo kabeh iku tuladha,

Yo kang sarwo ngajak luwih.

Sbanjure tuladhanipun,

Suwara budi pekerti,

Sarwo ndang - ndang tumandang,

Kumudu bisa ngrampugi,

Seger sumyah lan prakosa,

Yaiku swarane budi.

Menawa ngrasakke iku,

Swarane Gusti ugi,

Contone ngrasakke susah,

Bungah lan nelangsa ati,

Njur swara rumangsa ika,

Anane tan dimangerti,

Oneg, jibeg, buntet iku

Yo uga swarane Gusti,

Njur kang tanpa tuduh ika,

Swara Rasa,swara Jati,

Iku tan bisa kinecap,

Nanging bisa diupadi.

Tidak ada komentar: