ADVERTIZED

ads ads ads ads ads

Kamis, 16 Desember 2010

JANGKANITISASTRA

dhandhanggula

ADAM LAN KHAWA.

Apa jeneng sira wus mangerti,

kang diwastani ADAM menika,

kang kasebut ing kitabe,

ing Arab kang dumunung,

dudu Adam kang Amisani.

Nging Nabi kang sepisan.

Umure puniku,

lagi nem ewu taunan

mula hirarkine bisa dingerteni.

Aja salah nyurasa.

Kang diwastani Adam puniki,

’’Asal Dumadi Alam Manunggal’’.

Tumedhak saking suwargane,

iku isih sipat Nur.

Kang ndumadekake dumadi.

Jagad gelar ’rung ana.

Njur dinuta mudhun,

mrih akarya gelaring jagad.

Sapatemone klawan Suksma Sejati,

Ibu KHAWA wastanya.

’’Khawicaksanane Wahyuneki’’.

Bapa Adam lawan Babu Khawa.

Kwasa lan Wicaksanane,

obahe Urip iku.

Yo Sabdane kang Amisani.

Putra Allah sepisan.

Duta sipat Rassul.

Sang Jagad Nata arannya.

Yo Suksma Hadi luwih lan Suksma Sjati.

Iyo Sang Mahayatna.

Yo iku kang aran Cundhamani.

Wadahe Roh lan Alam kang spisan.

Rama Ibu alam kabeh.

Kang nganakke Jagad Gung.

Yeku ADAM lan KHAWA Sjati.

Sakwise nggelar ana.

Yen ing Bumi iku,

lungguh ing kutub punika,

kutub lor lan kidul ngetokake wiji.

Lorone padha anggelar,

gelaripun diwastani langit.

Langit iku slempang kalihnya.

Isine putra putrane.

Lamun wiji ketemu,

tansah mbentuk lawan produksi.

Kang kawitan punika,

wujude ‘sih lembut.

Yeku bahan mbentuk Jalma

Banjur tangkar tumangkar gelar nggelari,

Ing hangga Ibunira.

Bumi wujud ska rong unsur Urip,

malapis lapis wus binusanan.

Pepak sauba rampene.

‘beh sari – sari dunung.

Dimanunggalake ing Bumi.

Rong Urip mau lenggah ,

kutub lor lan kidul.

Kidul IBU lor Sang RAMA.

Ya kono iku purwaning KALAM WADI.

Bakal tuwuh ing mnungsa.

Klebet utawa slempange kuwi,

kang njumbuhake rong unsur ika.

Njur den wastani Putrane.

Mula ana kang nyebut,

RAMA IBU PUTRA Siji.

Kang nyambung rasa,

Liwat Ass Bumiku.

Rama lan Ibu punika,

Suksma Hadi luwih lan Suksma Sejati.

Sapatemon kalihnya,

hasil sapatemon mahanani,

swara jumlegur padhang makantar.

Mluberi ing angkasane.

Ndumadekke tumuwuh.

Tuwuh manuwuh nggawa wiji.

Ana kahanan ndonya.

Dumadine iku,

dadi wewujudan anyar.

Banjur sakwise Bumi Gede dumadi,

den tuwuhke tetuwuhan.

Sepisan, tanduran den Wastani,

tetuwuhan kang kanggo pangrengga,

Tanduran kang sabanjure,

ing tanduran puniku,

rerenggan kaendahan Bumi.

Rupane akeh warna.

Warna sunar iku,

tinemu ing tetanduran.

Tan diparengake lepas saking bumi.

Sdulure tuwa mnungsa.

Tanduran wekasan katon Uwit.

Dumadine skawit nggo ngelingna,

mring Uwit kang sipat langgeng.

Ing Wit tinemu telu.

Kembange, godonge lan uwit.

Uwit ndarbeni darma,

murih bisa turun,

njeglokne wiji mrih tmangkar.

Wit ngelingke sangkan parane dumadi.

‘sung pangan panguripan.

Banjur kang pareng lepas sking Bumi,

marga bisa pindah – pindah papan.

Tetuwuhan kewan rane.

Ing kewan kembangipun,

arupa Kalam klawan Wadi.

Yeku Wadon lan Lanang.

Wewatakane lugu.

Kapontho telung golongan.

Bisa saba gegana, darat lan warih.

Nggo ngelingke manungsa,

lamun ing ngendi wae puniki,

kuwasane Gusti kabeh ana.

Tuwuhan kang pungkasane,

ing kethek dunungipun.

Seneng gegantungan ing wit – wit.

Panganane woh – wohan.

Iku ’weh pituduh,

menawa skabehing ana

iku gumantung marang paringe Gusti.

Nadyan lugu katonnya,

yen ditlusur ngewuhke yekti.

Amarga nuduhke gegambaran,

Gusti lagi nyampurnakke,

laku kang lagi tuwuh.

Lungguhe kuwasane dingin,

njur lagi wicaksana.

Marga Gusti iku,

kuwasa lan wicaksana.

Pramula yen manungsa rumangsa lantip,

wis keblinger temenan.

Marga pintere kang yasa Gusti.

Mula sira bisaha rumangsa.

Gusti nyipta pungkasane,

pantoging tumuwuh.

Den gadang dadi tetungguling,

khanan ing alam ndonya.

Manungsa raneku.

Iku nuduhke menawa,

mbuktekke yen Gusti Maha Kwasa yekti.

Yen kersa hanyurasa.

Nadyan ragane sepele kuwi,

Sjatine dadi pantoging ana.

Endah – endahe Yasane.

Bagus – baguse tuwuh.

Sampurna – sampurnane wiji.

Yo kusumaning dumadi.

Kekembanging INGSUN.

YasanINGSUN kang sa’nyata.

Ing kono ngringkes rasa alam sekalir.

Kabeh ana, kacitak.

Rasa gumelar kang nyambung skalir

Bumi, Srengenge, mBulan lan Lintang.

Iku rasanINGSUN kabeh.

Bahan – bahane wujud.

Sari – sari kabeh dumadi.

Karingkes mlebu mnungsa.

Klebu ananINGSUN.

Pramula skabehing cahya.

Ana ing ragane manungsa nyawiji.

Pinuled – pinuledan.

Mula manungsa dadi dalaning,

sampurnaning bumi langit lawan,

tetuwuhan lan kewane.

Ing manungsa puniku,

bakal dumadi Maha Suci,

cilik ing telenge manah,

lan maujud Agung,

gedene nglimputi Alam.

Kabeh den gulung den ringkes dadi siji.

Mula arane Mnungsa.

Iku ngemu teges,’’Manunggaling,

Rasa Sekalir’’ dadi satunggal.

Liwat kalih dedalane,

Estri kalawan Jalu.

nggo dalan tumangkare wiji.

Selaras lawan dasar,

dumadi puniku,

bibit sekawite ana

yo Suksma Hadiluwih lan Suksma Sjati

dalan mujudke ana.

Mnungsa nadyan akeh nanging siji.

Rasa kang njalari kabeh padha.

Beda kalawan kewane,

‘sih suci mencar laku.

Arsa mangumpul dadi stunggil.

Mula ‘keh bangsa kewan.

Cacahe puniku,

den etung tanpa wilangan.

Siji lawan sijine beda kang jenis.

Rong jenis yen manungsa.

Yaiku jaler kalawan estri.

Nanging mnawa wong wadon lan lanang,

manunggalake rasane,

kinanthi sabdanINGSUN,

bisa dumadi jabang bayi.

Mula bangsa manungsa,

kang bener puniku,

ora akeh ning setunggal.

akeh marga panca ndriya kang ngarani.

Tumrap Gusti mung stunggal.

Duk ing semono siro dumadi,

ing papan ‘’Nuswa Kendheng’’ wastanya.

’Tanah Jawa’’ wekasane.

Kendheng iku kang den kandung,

’Cundhomani’’, samengko ‘’Rahim’’

Dumadine ra gampang,

kaya jare iku,

sawenehing wong pra manungsa,

kang rumongsa mangerti sabdane Gusti,

ora mung ‘’Kun’’ kewala.

Mula bukane ing Tanah Jawi,

Gusti ya bakal Timbul ing Jawa.

Jawa puniku werdine,

’Jumenenge Wahayu’’

Dudu ing Arab arsa bangkit,

lan nora ing Yerusalam.

Mula wong Jawiku,

kaluberan sihing Dewa.

Yo ing Jawa kang ngerti Budaya Sjati.

Mula ing Tanah Jawa,

warna kulit ana kang makili.

Abang , Ireng, Kuning, Putih ana.

Campur dadi Sawo Mateng.

Wong sajagad puniku,

wus winakilan wonten Jawi.

Kabeh turase Jawa.

Njur baline Wahyu,

bangkit yo ing Tanah Jawa.

Ngelingi mring Sudarmo lan Ibu Sjati.

Mula enggalo sadar,

kang sih turu enggal padha nglilir.

Tandure sumilir uwis tuwa.

Wus wancine wayah panen.

Nganten anyar wus dudu.

Marga wayah nglairke Bayi.

Wijine thukul; anyar.

Jo kesuwen nglindur.

Wungua glis raup toya.

Gyo enggalo wasuhen dodotnireki

Tambalen inkang bedah.

Bedahe amung ana ing pinggir,

aglis dondomana jlumatana.

Mumpung padang Rembulane,

jembar kalanganipun

Ndang dondomana saking njawi,

ska njero masuh ira.

Belimbing puniku,

Bentuk Lima wujud Lintang.

Limang perkara ingkang sampun manunggil.

Jamus Kalimasada.

Wahyu Eko Buwana ing wuri.

Yo kuwi Pusaka Puntadewa.

Punta, Pungkasan werdine,

Dewa, Gedene Wahyu.

Gede – gedene Wahyu wuri.

Njeng Sunan Kalijaga,

Jangkane saestu.

Tinemune ing samangkya.

Nora akeh sipating janma mangerti,

kalinglingan warana.

Waranane sabda Kanjeng Nabi,

Tumama tumekeng Akhir Kalpa.

Ngestine menyang umate,

kang wani ngaku – ngaku,

satemene umat kang tan den wengkoni.

Sabdane Pasti nyata !

Mula sira iku,

Mulat sarira priyangga,

murih lepas saking Sabda Kanjeng Nabi.

Gusti, mugi tan Kula.......

Dak baleni sasmitaning bayi.

Yen sira nggatekake sanyata.

Dumadi ing kandungane,

kang kinanduting biyung,

jenengsira arsa mangerti.

Wiji ana kandungan,

‘wit sewulan iku,

tumekane kalih wulan,

sking tuwuhan den bentuk den busanani.

Banjur kalih wulannya,

tekeng patang wulan den agemi,

kawujudan bentuk rupa kewan.

Banjur wulan sabacute,

proses bentuk ambentuk,

dadi jabang bayi sejati.

Yaiku gegambaran,

urip lagi laku.

Tumuju gelaring ana.

Lamun sira anindakake saresmi,

lan garwonira raga,

ana telung rambahan binagi.

Siji laku temu wadon lanang.

Kaping pindho ketemune,

Wiji Estri lan Jalu.

Kaping telu gemblenge wiji.

Iku aweh pertanda,

mring manungsa iku,

yento sakabehing ana,

dumadi ska rasa tresna hanresnani.

Temu rasa lan rasa.

Ing njero kandungan den wujudi,

kadang engkang melu hangrenggani,

Kawah lan Ari – arine.

Ari –ari puniku,

nali mring puser Jabang Bayi.

Nyasmita Gusti tansah,

nali siro iku.

Den ayomi lan den emban.

Murih padha ngadeg kumanthil ing Bumi.

Den emban mring kahanan,

kang siro arani langit kuwi.

Yo kang marai bisa ambegan.

Saking Gusti kang ngobahke,

den wijilke ska kutub.

Kutub Lor lan Kidul puniki.

Wijine sapatemon,

ing angkasa iku,

mluber ngebaki kahanan.

Mula siro asale saka Roh Suci.

Sinebut Roh punika,

Temune Kwasa lan Padhang Gusti.

Yen ‘’SU’’ iku Maha Kuwasanya,

obah iku kuwasane.

Obahe obah iku,

ngobahke obah hangobahi,

obah kalawan polah.

Njur ‘’CI’’ tegesipun,

telenge kabeh Padhang.

Padhang sekaliring Padhang kang sayekti.

Roh dadi jenengsira.

SU lan CI dadi siji ngembani,

nanging manungsa padha kesasar,

lali emban lan Payunge.

Ngremehke yasanINGSUN.

Bener luput tan mangerteni.

Sejatine manungsa,

den piji saestu.

Minangka pantoging ana.

Dene Roh Suci iku sjatine Tunggil.

Mijile kalih marga.

Darmane ing dina kawuri,

kanggo wadahe Gusti priyangga.

Yo kanggo palenggahane.

Ana wektu puniku,

kang mranata Gusti pribadi.

Ana jagad semesta.

Agal lawan alus.

Obahe manut kewala.

Jagad gung kang gumelar sahir mnyang kabir

Den wengkoni setunggal

Mula diarani Adam kuwi,

yo Alam kang Dumadi Manunggal.

Khawa kang sira aranke,

Kawicaksaning Wahyu.

Ing kono den dunungke Gusti.

Numurunke Jejangka.

Jangka JatinINGSUN,

Yo wahyane jangka kala

saka mbulan Srengenge tumiba Bumi,

wujud Roh Suci mula.

Awit iku mnungsa kudu arsi,

dadi dalaning kabeh kahanan.

Minangka dadi wadahe.

Suci kang arsa nunggal.

Skabehing suci nunggal siji.

Nunggal Gusti Priyangga.

Iku siro klebu,

Wus tumekeng Jagad Anyar

Gusti priyangga wus nyarira pribadi

Siro klebu beja.

Mula padha enggal mangerteni,

Ingkang ngrenggo sariro priyangga

Lan marang Ibu Bumine.

Melas kahananipun,

Murih eling waspada kaki,

jangkane wus tumeka,

ragane puniku,

samadya jopati ngangsa.

Batine tansah wiweka mawas diri.

Marga Ibu tan kwawa.

Wus abot nggendong isining Bumi,

putrane kebak angkara murka.

Lamun wus titi wancine,

Rama Ibu sarujuk,

karsa nyaring kang dadi wiji.

tandane sampun prapta.

Garune wus mlaku.

Ibu nangis merga welas.

Wus do lali yen ibu ana ing Bumi.

Mula pada elinga.

Yo Bumi Ibune kabeh jalmi,

mula lamun manungsa duraka,

anggawe susah Ibune,

marga kang sarwo tuwuh,

kabeh sdulur sipat jalmi.

Purbamu amung ngrumat,

mrih lestarineku.

Tan kena murba misesa.

Samengko Ibu wus tuwa akeh nangis.

Tan kuwat mbendung hangga.

Kalamun ibu tan kuwat malih,

kang ana hanggane Ibu beka,

banjur metu munggah mluber,

bisa ngobahke gunung.

Lindu lan ubaling Hagni,

Gurnita ngampar - ampar

Maruta tumiyup.

Anggawa kang Bayu Bajra.

Ibu Bumi banget muwun tan kuwawi.

Tan kuwat nyangga putra.

Mangkono wus den jlentrehne sami,

Dhanghanggula Global Warming ika.

Kekuatan sking Ibune,

manggon ana ing kutub,

wus samya leleh dadi cair.

Wengkune Ibu udar,

mnungsa purbanipun,

kesusupan suksma njaba.

Alus rumasuk ing angen – angen manjing.

Ilang berkating Kisma.

Dhuh Gusti ingkang Murbeng Dumadi,

kepareng sowan ngabiyantara,

sun lumarap ing ngarsane,

shandap pepadanipun,

Gusti Ingkang Murbeng Dumadi,

kula nywun wicaksana,

lan pangwasanipun

kangge tumindak utama.

Saking suksma hangkara murka gya kalis.

Lumebet akhir kalpa.

Kanthi hayem lan tentrem basuki,

Sumrambah kadang lan keluwarga.

Pan anak turun turase,

Tinampa ’beh panuwun,

Binekta manggiya lestari.

Mukti ing salamiya.

Dumadining taru.

Mbranahaken wiji enggal.

Pinayunge Jamur Barat mahanani,

Mukti wibawa mulya.

Mulat sarira hangrasa wani.

Yanane titi titen ben tatas.

Toto titi tutug tentrem,

Lamak hadegke bakuh.

Trius ta ning hangelep ngluberi.

Hanemu nemahi nang.

Wanuh maring kayun.

Widya wimba winisuda,

Baka lir Aruna kawuryan nyunari.

Wastrone hYang Suksmana.

Yogya yitna ngesti pangastuti.

Sanggrahane menyang Sonya Tunggal.

Trimah sumarah Gustine,

Yogiswara handunung,

Na galihing wardayaneki,

Totonen tmanem manah.

Sedyane mring suwung.

Wusana tinon perbawa,

Ran satriya bagus mijil saking galih,

Netepi ingkang jangka

Tidak ada komentar: