ADVERTIZED

ads ads ads ads ads

Kamis, 16 Desember 2010

JANGKANITISASTRA

dhandhanggula

TULAHE KEWAN LAN TANDANE NYEDAKI

AKHIR JAMAN

Lamun wus tumeka titi wanci,

Ngadepi dinane GustiAllah.

Katon keh tanda – tandane

Waspadakna iku,

Kewan kebo, sapi lan babi,

Tikus kalawan ula

Ayam karo manuk

Segawon, nyamuk lan kalla,

Ana kewan - kewan kang bisa nuruti,

apa kersane mnungsa

Obahe kewan saka Roh Suci

Akal budi pekerti tan ana

Mula kewan nurut wae

Ditendang, lan digebuk

Diamuk karo dipisuhi,

Kewan manut kewala

Tan sengit lan ngaduh

Mangkana ingkang sasmita

Tanda sipat sabar nrimane Roh Suci

Anuruti manungsa

Obahe kewan saka Roh Suci

Mula apa bisa disalahna

Napsune thukul ska sir e

Mula nadyan dikungkung

Lanang lan wadon dadi stunggil

Tan ana suka-suka

Yen laki tan tanduk

Balik manungsa wor ing kandang,

Bisa suka nben dina sih tanduk alit

Lak ngaten tho man doblang

Lamun wus tumekeng titi wanci

Roh Suci migunakke kuwasa

Manungsa genti den wales

Kebo lan sapi iku

Uyuh tlethong daging lan kulit

Migunani manungsa

Darmane mung tulus

Tansah aweh kesaenan

Kanggo manungsane ingkang bisa ngrukti

Mula matur nuwuna

Wlas asihmu kewan bisa ngerti

Openana lir ngrumat sarira

Bakal ’weh paedah gede

Yen bathi kang den luru,

Gen abot sapi dicekoki.

Iku kang aran nyiksa

Kewan bisa nesu

Nora nurut mring bendara

Wasana mbales bisa produksi penyakit

Rugi raga lan dana

Samengko kebo sapi do wani,

Menyang bendara nggawa brahala

Semono uga purbane

Manungsa menyang manuk

Akeh dipikat lan dibedil

Kang mati nggo paesan

Kang urip dikurung

Rusak ekosistem Jawa

Bekane nggawa wales virus penyakit

Flu burung liwat ayam

Marga nasip ayam sapuniki

Sadurunge pembantaian masal,

Uripe da disengkakne

Banjur mnungsa kasiku

Raga tan sehat gampang sakit

Kena daya konsentrat

Gagah nanging lesu

Yen virus flu burung ika

Bibit sekawite kok bisa dumadi,

Sego bosok mulanya.

Sega dibuwang kang numpuk kuwi

Akeh banget ing kutho Jakarta

Acampur dadi sampahe

Senyawa karo unsur,

Iklim Jakarta njur produksi,

Dadi unsur X ika.

Karo hawa campur,

Ana atmosfir Jakarta

Lamun unggas anyedot unsur atmosfir,

Den proses ing raganya.

Ing raga unggas banjur produksi

Hasil produksi iku arupa,

Virus ’’AI’’ yo arane

Iku virus Flu Burung

Mula pesen leluhur nguni,

’’Yen maem ditelasna,

ndak pitike lampus’’.

Ilmu leluhur anjangka

Mangkono mung lagi temama samangkin

Tulah sega lan ayam

Mula bekane ayam lan pari,

Padha – padha diwehi konsentrat

Uripe disengkakake.

Mangkono mungguh ingsun

Minangka kang dadi simbolis

Urip ngetokne kwasa

Direh wus tan purun

Tanda kiamat wus prapta

Mangkono uga tanda kewan ing babi,

Lan ing segawon ika,

Menawa haram yen dahar babi

Ing segawon nggih semana uga.

Mung aja tuwuh sengite

Kena tan dahar iku,

Marga DNA babi sami,

Karo DNA mnungsa

Uga lemakipun

angandung penyakit kathah.

Akeh bakteri patogen lawan coli

Mula akeh kang sia

Semono uga akeh kang nyengit,

Segawon dadi aran pisuhan

Pisuhan sing elek dewe

Ngertia tembung ’’ASU’’

Iku, Aku Sjatining Urip

yen kewane tan pernah

ngomong, ’’aku asu’’

pramula aja daksia

yen dipisuhi balekna marang Gusti

ASUnipun sarira

Lamun manungsa banget anyengit

Babi segawon bisa anulah

Dadi prossesor pnyakite

Kang diarani virus

’’Anjing Gila karo flu babi’’

Mangkono uga ula,

Bisa mengsah tikus.

Nanging ula keh kabrasta

Wasana ama tikus akeh kang dugi

Rugi, panen tan sida

Mangkono bubrah tataning jalmi

Ibu Pertiwi anangis welas

Lamun wus tekan jangkane,

Gusti wus asung simbul

Kahanan alam wus anulis,

Akeh seseratannya.

Ing raga puniku,

Uga kathah asung tanda.

Wonten ing ’’Sastra Wedha Raga Tinulis’’,

Manggon ana ing Ritma

Rambut iku Rambataning Urip,

Rambatane Urip iku rasa,

Rasa ilmu kang dwur dewe.

Mula ing ’ndwur ’ran rambut,

Wus akeh rambut dijilbabi,

Nora saka agama

Amarga mituhu

Amung angeloni jaman

Kalamun nora thukul saka nurani,

Iku dadi sanepa

Rasa wus ’keh k’tutup aling – aling.

Kathah manungsa kapurba njaba.

Mula timur tengah wonge,

Akeh kang alok, saru!

Nganggo t – shirt celanane jin

Bokonge ketat cetha,

Gununge ya cethuu.

Lhak nggih ngaten to man doblang.

Pancen werna – werna kahanan saiki.

Kabeh wus klebu jangka.

Lamun akir jaman arsa dugi,

Wong wadon akeh anunggang jaran.

Saka Jepang Turanggane.

Ngageme klambi jalu.

Wong nglacur ana ngendi – endi.

Bapak mungsuhi anak.

Anak mungsuhi ibu.

Kanca gelem mangan kanca,

Main, korup, rampok, maling wus waradin.

Kabeh iku wus nyata.

Lamun akhir jaman arso dugi,

Warna – warna kahanane donya,

Bumi sansaya mengkeret,

Agami tan den gugu.

Umur suda akeh penyakit,

Nyamuk dadi jalaran.

’keh cinokot lampus,

aranne Demam Berdarah.

Ngendi – endi akeh kabar raja pati.

Mnungsa tan wedi dosa.

Ana maneh dipun sasmitani,

Manungsa arsa gawe putusan.

Yen ngrokok haram hukume.

Lir kadi dutanipun,

Carakane Gusti Kang Suci.

Kapan olehe S K,

Sking Gusti puniku ?

Lha wong wanuh wae ora,

Durung karuan yen siro diwengkoni.

Jaminan siro apa ?

Yen pabrik rokok didemontrasi,

Akeh petani mbako kuciwo,

Pengangguran tambah akeh.

Po siro gelem nanggung ?

’Rokok’’ tembung wus nyasmitani.

Roso iku kang pokok.

Yen roso puniku,

Wus akeh wong kang tan kersa,

Banjur ing ngendi Palenggahane Gusti ?

Dioncati po kersa ?

Sanadyan yen dipikir sayekti,

pancen ngrokok tan ana paedah,

ingsun dewe yo tan gelem,

keluke gawe ganggu,

nging becik alon paring ngerti,

margo wus ‘keh kang njathok,

yen banjur diputus,

grengsenge makaryo sirna,

kalamun uwis tumekeng titi wanci,

keh wong sadar pribadi.

Ana maneh adating wong Jawi,

Iket sirah wus diganti Kopyah.

Sirah ingkang nora sareh.

Among gawe reridu.

Tutuk , Mata , Irung lan Kuping,

Mula sring iketana.

Dipasani iku.

Aja malah pasang radar,

Bunder lir parabola pnompo frekwensi.

Ska njaba mlebu sirah.

Uni iku anggawa bentuk kaki.

Bentuk iku nggawa pratanda

Kabeh sarwo ngemu teges.

Tulise Gusti iku,

ginelar ing alam sakalir.

Rasa kang bisa nampa.

Ing kono ‘’kinandut’’

Sastra Cetho Wadiningrat.

Tulisan makna wadining jagad kabir.

Wacanen mawa rasa.

Ana maneh formulator pokil,

Wong ngrampok nging nora kawistara.

Njaring,ngumpan hadiahe,

Siji akeh kang ngrebut .

Modal, ketik reg spasi kirim.

Yen jaman mbiyen porkas.

Haram ingkang hukum

Jare ngundi nasib dosa.

Banjur ngenekake aksi demontrasi.

Saiki kecolongan,

Yen ana ketik reg spasi kirim,

Ngrebut siji sing melu sajuta,

Opo dudu ngundi naseb ?

Udu godhong po purun ?

Wong tuku pulsa yo nggo duwit,…

Yen mangkono ra dosa.

nyatane puniku,

Datan ana ingkang nglarang.

Ana kang melu ketik reg spasi kirim,

Melune mung spisan.

Nanging kocapo, lir ngingsep getih.

Mesine urip sasat Dracula.

Di sesep terus pulsane.

Dhuh Gusti leres estu.

Jangkanipun sampun dumugi.

Pintere mung nggo maeka.

Manungsane iku,

Wus doyan mangan menungsa.

lamun kang dipangan bathange wong mati,

Iki lwih ska Sumanto.

Njedule Sumanto nggowo werdi,

Ing jaman iki akeh kanibal,

Hak – hake manungsa akeh,

Diglenik krana alus.

Tinitipake akeh warni,

Praturan neka warna,

Nanging datan wurung,

Ora tumeka tujuan,

Tambele banjur dibebanke wong cilik,

Ngombe kringet menungsa

Sampun kabukti jangkane nguni,

Lamun amenangi Jaman Edan,

Ewuh aya pambudine,

Yen nora ngedan estu,

Sipating wong kaduman melik,

banjur tuwuh pangentho,

ngentho kanggo sesuk,

ora sesuk mangan apa,

nanging sesuk aku mangan sapa kuwi,

manungsa mangan manungsa.

Poma den eling welinging mami.

Aja digegampang jaman ika.

Banyune gaib wus mluber.

Wus ngeleb nganti dhuwur

Yen fisike banjur nututi,

Akeh ingkang pralaya.

Waskitaning banyu,

Bisa pilih – pilih jalma

Aja nyepelekne barang – barang mati.

Wus saguh tanpo nyawa.

Mula kersaha manut mbah Surip.

Murih jeneng siro ra kesasar.

Di gendong mnyang ngendi wae.

Jo numpak montor mabur.

Lamun jeglok modar nemahi.

Murih bisa nyurasa.

Werdine puniku,

Simbah iku kang sinembah,

Kang sinembah Surip, Sejatining Urip.

Yeku kang nggendong mnungsa.

Lamun siro tan kersa nuruti,

Lir Gatutkaca digendong Semar.

Hambethot saka gegere,

Yekti datan rahayu.

Mula gya sumiwi Roh Suci.

jo nut dasakumara.

Gathutkaca iku,

Simbul angen – angen mnungsa.

Waspadakno tandane sastra tinulis

Sasmitaning Kang Kwasa.


BOOK BY TERM NITISASTRA extracted MPU BRI HAWAN NOTOSEWU REAL BOOK OF NITI RM.KOESEN (Contains data Kasunanan Intelligence Agency Surakarta Palace also contains a prediction that something will happen around the world)

Tidak ada komentar: