ADVERTIZED

ads ads ads ads ads

Kamis, 16 Desember 2010

JANGKANITISASTRA

Dandhanggula

WAYAHE NGLILIR

Lir – lir nglilir ayo padha nglilir

Jangka jangkane uwis cinandra

Cah angon ngon kawulane

Hanggawa blimbing iku

Panca Warna Wahyu Sejati

’nggo mbasuh Jagadira

Kang binedah ngenu

Warna – warna saka manca

Dondomana jlumatana iku kaki

Nggo seba sang hYang Nata

Uninga wasise Sunan Kali,

Jangkane disasmitakke tembang,

Uga winursiteng ringget,

Lakon Bimo Suci iku,

Ngandung filosofi kang inggil,

Bima takon mnyang Durna,

Ngendi Gusti dunung?

Njur Durna paring andaran,

Kinen nglari Tirto Perwito Sari,

Ing telenging Samudra,

Margo kedereng arso mangerti,

Bimo angupadi sigra – sigra,

ing batin santosa banget,

karsane tan binendung,

nganti pinanggih Dewa Ruci,

Bima nampa nugraha,

wus pana ‘beh ngilmu,

winursita gawang – gawang,

Durna tan bisa ngembari Roh Suci,

margo wruh kang sanyata,

sapa ta Bima ing lakon kuwi?

Yo Sunan Kalijaga Priyangga,

Sapa kang dadi Durnane?

Yo Sayid Kramat iku,

Sinamun ing cariteng ringgit,

Binabar hing samangkya,

’beh wus wancinipun,

Wadining jagad binukak,

Sastra Cetha Wadiningrat hanjarwani,

Asinerat ing tembang.

Ngendikane Gusti marang Roh Suci,

Sinerat ing Tembang Ilir - ilir

Sunan Kali pangriptane,

Tan cinandra kalamun,

Durung tumekeng titi wanci,

Nging kang bisa nyurasa,

Enggal nglari estu,

Aneng ngendi tumurunnya,

Wangsulipun Wahyu Tanah Pulo Jawi,

Silem ’mang ngatus warsa.

Sking Sirna Ilang Kertaning bumi,

Bangkite Sabdo Palon ing ngarsa,

Amung nuhoni Jangkane,

Mrih manungsa tan kedlarung,

Obahe tan saka Roh Suci,

Sking ngen – angen kewala,

Mulo donya hancur,

Nyimpang saka kautaman,

Sasmitaning kumitir bedahing pinggir,

Binedah saka manca.

Tembung manca iku saking njawi,

Obahe manungsa saka Suksma,

Panca ndriya , angen – angen,

Tan sking Roh Sucine ’ku,

Kapetange saka murcaning,

Pamomong Sabda Palon,

Sabda ’ku pamuwus,

Kang Palon iku pathokan,

Pamomong iku Cah Angon, yo Roh Suci,

Amung angon kewala.

Mangkono njur Kanjeng Sunan Kali,

Sinamun ing sajroning Jangka,

Medar ilmu sejatine,

Aneng ringgit kinandut,

Tan lilo ’dat budayaneki,

Lawan agami asal,

Kabucal kasingkur,

Jinajah paham sking njaba,

Lamun sapa bisa masuh dodotneki,

Kang tanggap kidung kuna.

Gagaring Gesang wujud dumadi,

Wineca cetha jalmo waskita,

Ing Jangka Jaya Bayane,

Jalmo tan pungguh wutuh,

Winaca sirnanya sepalih,

Dene ingkang waluya,

Perlu samya weruh,

Isyarat nolak bebaya,

Mung netepi darmaning Urip Sejati,

Wasitanya pra kuna.

Yaiku Syahadat kang Sejati,

Ameruhi dununging sang Gesang,

Ing teleng Jiwa ragane,

Lamun tan bisa weruh,

Takokna mnyang Guru Sejati,

Kang wus putus kawruhnya,

Wikan manjing alus,

Bisa ajal jroning Gesang,

Nguningani sangkan parane dumadi,

Perlu sira upaya.

Nyatakna yen sira wis winirid,

Kabeh wasitanya Gurunira,

Meruhna ing makrifate,

Manungsa Urip iku,

Suket ing pito wono neki,

Yen tumekan mongso,

Ginaru linuku,

kang nalesep selanira,

yeku wong kang weruh Syahadat Sejati,

wisikane Hyang Suksma.

Gagaring syahadat kang Sejati,

Karsa lamun urip iku Tunggal,

Tunggal kabeh mnyang sipate,

Gelaring Jagad iku,

Pratandha purbaning Hyang Widhi,

Kawasa nganakna Jagad,

Myang kwasa hangukut,

Paranipun kalih sipat,

Marang sangkane yeku Sumbere Urip,

Purwanira dumadya.

Babaring Gesang wujud dumadi,

Anggelar sawernaning Agama,

Mranata para umate,

Tumeka wancinipun,

Pra umat ngungkurna agami,

Kang sih ngrasuk agama,

Tan weruh kang satuhu,

Amung nyekeli syarengat,

Sunyatane agama tan Urip ing Ati,

Ngrasuk blongsong kewala.

Tembung dodot iku mengku werdi,

Rasukan, agemaning manungsa,

Yo agama kang diagem,

Belimbing asung simbul,

Jamus Kalimo Sada kuwi,

Lima – limaning tunggal,

Ingkang wus jumedul,

Rasukanipun Hyang Suksma.

Yeku Budha kang diwerdekake ’’Eling’’,

’gami urip sanyata.

Sang Urip agemane Roh Suci,

Yo Sabda Palon, yo Rassulullah,

Yo Sang Kristus sayektine,

Yo Sang Budha satuhu,

Yen tan kersa ngagem agami,

Agamine Hyang Suksma,

Katiwasan iku,

Datan bisa sebo paran,

Samengko titi wancine wus dumugi,

Wahyu khir Jaman prapta,

Ingkang ngasta wahyu Imam Mahdi,

Yo sinebut Sang Budha Maetreya,

Bangkite Mesias ping kaleh,

Avatar Khalky Hindu,

Ugo sinebut Ratu Adil,

Yeku Gusti Priyangga,

Ingkang wus jumedul,

Nyawiji aneng pandhita,

Pandhita kang ’’Asmane Tuwa pribadi’’,

’’Gunung Kendheng’’ asalnya.


BOOK BY TERM NITISASTRA extracted MPU BRI HAWAN NOTOSEWU REAL BOOK OF NITI RM.KOESEN (Contains data Kasunanan Intelligence Agency Surakarta Palace also contains a prediction that something will happen around the world)

Tidak ada komentar: