Megatruh
SESEMBAHAN JATI
Jenengsira wus tumekeng truna kulup,
Ingsun arsa mangerteni
Aran Gusti sinten hiku?
Sapa sesembahan Jati?
Ing endi papan dunungnyo
Lamun tan uning yekti sih padha nglindur
Bisa nyebut tan nyekseni.
Lir bocah ajar celathu.
Tan ngerti dununging arti
Aja tuwas tekeng tuwo
Poma kulup den gatekna weling ingsun
Ingkang den wastani Gusti
Galih ingkang paling Bagus
Sjatining Galih yo Urip
Urip kang murba miseso
Saindenge Jagad rat kapurba estu
Tan ana kang den liwati
Yen cilik, cilik kalangkung,
Ageng tan ana ngluwihi
Kwasane obah lan roso
Sinom
Yen sira arsa manembah,
Katujokna marang Urip
Tuhan Allah God lan Yehwah
Iku pangerten ing lair
Mnungsa wis bisa ngarani
Nalika sih bayi iku,
Apa wis bisa kandha.
Bayi tan ngerteni nami.
Nging bayi sih nyandang Urip,iku nyata
Pangerten dununge njaba
Yen ditinggal turu lali
Skabehe pangerten ilang
Kang sih jumeneng Sang Urip
Tansah sadar nggelari
Ana ing badan sakojur
Iku nyata lan krasa
Yen mungkir iku ngapusi
Krasa rumangsa ngrasakke iku nyata
Yen tetep nora percaya
Piye yen urip ngoncati?
Nadyan ginggang sa’rambuta?
Njur sinebut sida brangti
Alias tekeng pati
Mula ilmu iku perlu
Ben ngerti kang den sembah
Yen Gusti ana pribadi
Tan susah luru menyang negara manca
Lamun sira sampun pirsa
Mesti bakal welas asih
Mnyang sapadha – padha janma
Sbab kabeh Gusti pribadi
Samengko aja lali
Mnyang kang nggendong rina dalu
Urip tansah ngetutna
sabar ’dyan tan dingerteni
manungsa malah golek pangerten njaba
Kinanthi
Mula kulup enggal wungu
Yen kebanjur temah rugi
Mumpung isih ana wekdal
Wasuhen dodotnireki
Ingkang bedah dondomana
Aglis siap song – song ari
Katon cedak tandanipun
Montor mabur nyasmitani
Padha jeglok tanpa sebab
Pesawat dadi simbolis
Wong luhur akeh kang tiba
Angen – angen gya kabesmi
Ingkang waspadha saestu
Matna kahanan samangkin
Iku ngandung surasa
Tulisan Gusti, pribadi
Sastra Cetha WadiningRat
Dumunung alam sakalir
Sileme Perau Gabus
Ngambange si Watu Langking
Gunung – gunung muntah jlagra
Gaib kang dumunung tangi
Kabeh wiwit sapatemon
Mluber muncul tuk ing bumi
Wus wayahe arsa metu
Njedul Satriyo Piningit
Sad lan tri lan yo werdinya
Sad enem tri wus ngarani.
Yo iku toya wastanya
Satriya iku Roh Suci
Bentuk sanga saka banyu
Banyu Urip eneng Galih
Kang sinengker gya kabuka
Saking telenging jaladri
Melesat mbuka warana
Jumeneng Sang Ratu Adil
Tidak ada komentar:
Posting Komentar