ADVERTIZED

ads ads ads ads ads

Kamis, 16 Desember 2010

JANGKANITISASTRA

Kinanthi

AGAMA AGEMING AJI

Kawruhana pra kadangku,

Kabeh agama kang tau hid,

Iku den wastani Isam.

Kabeh agama kang suci,

Agama Kristen wastanya.

Yen Agama ngesti eling,

Agama Budha ranipun,

Mangkono temene kaki

Kang nggolong – nggolongke ika

Kagowo obahe karsi.

Angen – angen lan indria,

Pahame tan saka kalbi.

Mangkono ‘beh agamiku.

Satemene asal siji.

Amung jeneng lan pranatan,

Dijumbuhke kang negari.

Karakter, papan lan basa.

kang mandegani puniki,

Asale Gusti priyangga.

Murih kawulane kuwi,

Ben ngerti yen Gusti iku Kwasa.

Bisa nggelar neko warni.

Njumbuhke adat budaya.

Lan Sipat kang dunung neki.

Banjur manungsa puniku,

Den wenangke nampik milih.

Kang jumbuh kelawan manah.

Iku ingkang dipun esthi.

Nanging kang den agem ika,

Tata cara mangastuti.

Nanging lamun kang dipundut,

Adat budayane ugi.

Pasti bakal ngrubah adat,

Sipat lan budayaneki.

Njur ilang cirikhas bangsa.

Minangka tanda yen Gusti,

Banget agung Kwasanipun.

Akarya Karakteristik.

Ciri khase suku bangsa,

Mangkono tumrab kang uning.

Mnawa Gusti wicaksana.

Nggelar samubarang kalir.

Mula den Esthi leh rukun.

Rukun ‘beh umat agami.

Uninga yen kang mandhega,

Pandhegane ‘beh agami,

Jalma pinilih pininta.

Putra Gusti kang piniji.

Suksma hadiluwih iku.

Yo aran Suksma Sejati.

Yo Putrane Gusti ika.

Kang Pembayun amisani.

Lamun dinuta ing donya,

Ngajarke piwulang Gusti.

Yo aran agami iku,

Ageman dipun wastani.

Mula banjur ngeja wantah.

Dadi manungsa Sejati.

Minangka wadag ing donya,

Roh Suci dibusanani.

Mula banjur ajejuluk,

Utusan kang Amisani.

Muhammadar Rassullullah.

Yo Yesus Kristus sayekti.

Sinebut Putra Sulungnya.

Yo Sang Wisnu Krisna Murti.

Yo Budha Syakamuni’ku,

Kabeh iku yekti sami.

Putrane Gusti sepisan.

Ing Arab dibusanani,

Wadage Sayid Muhammad.

Wadage ing Yerussalim,

Sayidina Isa Yesus.

Mnawa ing Nepal negari,

Wadag Sidarta Gautama.

Yen mudun ing tanah Hindi,

Awewadag Prabu Rama.

Nayarana Krisna Murti.

Yen ing Tanah Jawa iku,

’cen sumbere wahyu Jati,

Knapa tan muncar ing ndoya,

Marga datan amung siji,

Wong wenang milih lan milah,

’gami perkara pribadi

Ing kapercayan Pangestu,

Ajarane elok yekti,

Nanging penghayate ika,

Estu – estu mrih kepanggih,

Kalawan Suksma Kawekas,

Tuwin mnyang Suksma Sejati,

Nyekseni syahadat estu,

Kepanggih Rasul lan Gusti,

Datan mung tyori kewala,

Mulo tansah lembah galih,

Treb, susilo anur raga,

Tan pernah ngulukke diri,

Ugo Sapta Dharmo iku,

Asale sking wahyu jati,

Lumarap Harja Sepura,

Saking Sri Gutama Aji,

Sri iku lakune wahya,

Kang Gutama iku gaib,

Gaib kang Utama wahyu,

Aji anane mung siji,

Aji iku Ratu uga,

Rat gedhe U iku urip,

Kang siji Urip sanyata,

Urip Gedhe kang Sejati.

Sderek Sapto Dharmo iku,

Sembahyange tan mung teori,

Nging bisa sebo kang Kwasa,

Lan bisa nyowanke ugi,

Mapanke Suksma yo bisa,

Suksma kang ’rung bisa bali.

Akeh malih contonipun,

Nanging kepercayan jawi,

Akeh ingkang ngiro sesat,

Amargo salate kuwi,

Arahe madep mangetan,

Mongko iku mengku werdi.

Kang mastani sesat iku,

Tiyang – tiyang jawi ugi,

Raga njawa njero manca,

Ujare jangka ing nguni,

’’Wong Jawa kari separo’’

Suksma manca, raga jawi,

Yen agama manca iku,

Nabine kajula yekti,

Lwih kumbul timbang sugengnya,

Amarga Asmane kuwi,

Di nggo maskot Raja Maya,

Nggo kepentingan politik.

Mongko ’beh agami iku,

Tokoh pandhegane siji,

Mula Sabdane Muhammad,

Kang nggolong - nggolongke kuwi.

Temene dudu umatnya.

Dadi datan den wengkoni.

Kamongko wong – wong puniku,

Ngajab safa’ate Nabi.

Po nora bakal kuciwa,?...

Yen njeng Nabi tan ngakoni,...

Kabeh kecilik kewala.

Gya estinen kang Sejati.

Kabeh manungsa puniku,

Diwenangke nampik milih.

Anggone ngrasuk agama,

Lamun wus sreg ana ati.

Nging Aja banjur rumangsa,

Agamane paling apik.

Nora prayoga puniku.

Aja kemesuci – suci.

Dipeh wus duwe keramat.

Sinubya lir duta Gusti.

Kang wus putus tepa slira,

Sarwo prasaja rum manis.

Yektine keramat iku,

Durung ska kedaton Gusti.

Lagi asal saka alam.

Matumpuk – tumpuk ngebaki,

Ing sariro pribadinya.

Wujud kodam – kodam , kaki.

Lamun ing badan sakojur,

Ska kodam kodam ngebaki,

Ngisi padet datan ginggang.

Rumasuk ing pori – pori.

Nganti rambut, kringet, bangkal.

Kang sarwo bentet madeti.

Mula pra Wiku lan Ratu,

Para Pandhita lan Wali,

Ageman kang nemplek ika,

Lan apa kang digadhahi.

Iku wus ngandung keramat.

Wus kena kringete kuwi.

Lamun nglenggahi ing watu,

Lan pipis kena ing siti,

Iku wus kdunungan kodam.

Dadi watu lemah wingit.

Mula wong ngilmu kasuksman,

Banjur bisa nyumurupi.

Akeh wong kang kena apus,

Wus rumangsa diweruhi,

Nging iku kodam kang memba.

Kalamun nyarira diri,

Jalukane neka – neka.

Kinen nyuguhi ‘keh warni.

Banjure manungsanipun,

Rumangsa kinasih wali.

Amarga kersa nyarira.

O alah mbok ngrumangsani.

Takeranmu wus sepira?

Yen Ratu Panditha wali ,

Patlikur krat kadaripun.

Ananging yen sira kuwi.,

Yen Emas mung pirang karat.

Yo mangkono sa’umpami.

Yen wali wadhahe genthong,

Nging yen sira gelas cilik.

Njur apa iya puniku,

Yen leluhur nyarirani,

Lir genthong mlebu ing gelas.

Opo nora pecah kaki ?

Mula roh leluhur ika,

Wus waskita pilih jalmi.

Yen Peksi, Perkutut iku,

Mencokipun pilih – pilih.

Tan sembarang papan kersa.

Kang bisa disarirani,

Umume turas ngawirya.

Wijiling andana warih.

Sanadyanto lahiripun,

Papa nista sudra kaki,

Ananging sajroning manah,

Datan bisa den jajagi.

Mangkono tedak ngatapa.

Bakal kawistara ugi.

Kusuma rembesing madu,

Nora kudu putra Aji.

Samengko turas ngawirya,

Mijile sinengker Gusti.

Akeh lahir ska wong sudra.

Den ajab karyo palupi,

Yeku dadi wadagipun,

Wahyu – wahyu Para Sari.

Aranipun wong pininta.

na malih kang diarani.

Jalmo Pinilih Pininta.

Kuat kedunungan Khidir.

Khidir iku aran ilmu.

Yaiku ilmune Gusti.

Wujude cahya kewala.

Winastan ilmu sejati.

Wahyunipun Gusti Allah.

Ing telenging Jalanidhi.

Ana maneh sebutipun,

Pininta,Pnilih, Piniji.

Ing jagad rat mung setunggal.

Putra Pembayune Gusti.

Roh kang sinabda sepisan,

Bibite alam sekalir.

Ing mbiyen jalmo puniku,

Uga kang den agem Gusti,

Kanggo ndandani kawula.

Kaya Wisnu Krisna Murti,

Yesus kalawan Muhammad,

Sidarta Gau tama Budhi.

Momor, momot, kamot iku,

Kaagem wadage Gusti.

Kuat winengku perbawa.

Yaiku ingkang wus mijil,

Maringi kunci mring sira.

Kanggo sambung lawan Gusti.

Semanten karya pisungsung,

Kidung wedaran agami,

Tumrab wong kang kersa njawa.

Rasukane Para Sari.

Dadi kawruhing sujanma.

Agama ageming Aji.

Satriya Hanata Suwung,

Suwung ya Tentrem kang Yekti.

Den kanthi neng ning na mrih nang,

Tatane tumanem ati.

Yaiku sembahe rasa.

Wuwuhna awas lan eling.

Tidak ada komentar: