Pangkur
KIAMAT SUGRA LAN KUBRA
Sekar pangkur kang anjarwa
Njarwani tumrap wong kang wus da nglilir
Sing nendra akeh kang nglindur
Werna – werna clathunya
Mula murih enggal tangi saka turu
Aja ngagem kemul pethak
Ngagema selimut langking
Wruhanira para kadhang
kang diwastani Kiamat puniki
ana kalih cacahipun
siji Kiamat sugra
Kiamat Kubra kaping kalihipun
Qiamat tembung ska Arab
Qiamuh dwe arti tangi
Jumeneng, ngadeg ya kena
Yen ganti rusake alam po mati,
Banjur mleset saka tembung
Kosok balen dadinya
Mula bedane klawan kang nglindur iku,
Sugra matine beh jalma
Ananging mungguhing mami
Jabang bayi lahir ika
Lahir ing donya wus anggawa takdir
Apik lan elek puniku
Kudu dipun tarima
Bungah lan susah isine donya iku
Wus tinulis ing kitabnya
Susah nraka bungah swargi
Sang punang bayi punika
Lahir minangka dutane hYang Suci
Pininta estri lan jalu
Kabeh derma kewala
Awit cilik wiwit nulis takdiripun
Tandurane werna – werna
Winih becik ngunduh becik
Winih ala ngunduh ala
Lamun ing donya tan bisa tinali
Saking sipat donyanipun
Bisa minggah mnyang swarga
Sasonone endah suasananipun
Sinambi nengga khir jaman
Njur priye kang sih tinali?
Gusti paring pangapura
Nanging kudu bali tumimbal lahir
Guna mbacutake laku
Kang tandurane ala
Ing kana banjur nampa piwalesipun
Kang becik mangkono uga
Tan rugi nadyan sethithik
Kang mbiyene ana donya
Tumindake kaya ahli suwargi
Yo surga pikantukipun
Rupa urip kepenak
Kang tumindake lir ahli nraka iku,
Lahir ing donya sengsara
Kabeh tumindak kuwi
Bakal diwruhke ing donya
Tangane, mripate, tutuk, lan sikil
Kabeh bakal bisa matur
Mula na bisu wuta
Uga ana kang budheg,ceko lan lumpuh
Nanging iku kudu nrima
Sabar lan tumindak becik
Yen tmimbal maneh ing donya
Bakal nemoni wales ingkang becik
Nanging yen tinitah punjul
Banjur tumindak nggladrah
Sawiyah – wiyah mo lima uga korup
Ing wuri dadi wong nista
Kang medeni iku ’’Adil’’
Apa sira ngerti mnawa
Kang lara lepra ing prapatan pinggir
Dadi pengemis puniku
Mbiyen wong sugih brana
Pengusaha apa pejabat kang agung
Tansah culika ra nrima
Wekasan manjing Jumani
Mula muga handadekna
Pangati – ati mring para sujanmi
Tumimbal lair puniku
Kia mat Sugra wastanya
Ing kitab sampun amirasa saestu
Nging tan kathah kang wuninga
Khanane kiamat kuwi
Bapak putus karo anak,
Ibu lan anak ingkang disusui
Wong sih – sihan dadi mungsuh,
Tan takon keturunan
Anggota badane kabeh padha matur
Nampa kitab becik ala
Nampa Neraka lan Swargi
Pramula kabeh manungsa
Mbiyen putrane sapa tan ngerteni
Lan mbiyen endi anakku
Sing dadi garwo ika
Samengko ing donya bisa dadi mungsuh
Ing donya susah lan penak
Ing kitabe wis tinulis
Mula ujude ngapura
Bisa kaping enem reinkarnasi
Kaping pitunipun putus
Mula menawa bisa
Tanggal pisan kapurnaman, yen anenun
Senteg pisan anigasa.
Dadi aja bola bali
Ana tembung urip ika,
Aneng donya amung kaping setunggil
Iku wujude si ’’anu’’
Uripe mung sepisan
Kalamun durung bisa ngipatke bandul
Kepriye bisane munggah?
Kang nglepaske kuwi,
Zuhud lan wairagya ika
Ing Budha sinebut Sanyashin
Lha bondo donya puniku
Tetalining adonya
Kahanan donya iku kaya kalebu
Drajat, pangkat lan wanodya
Uga yoga lan artati
Lamun sapa luwih tresna
Ing ’’Aku’’ bakal antuk kabeh kuwi
Lan kang abot donya iku
Tan bisa antuk donya,
Lawan datan bisa antuk ing ’’Kanthi Ku’’
Tan bisa di kanthi munggah
’’Aku’’ iku yo Roh Suci
Mula saben jeneng ika
Amung urip kaping sepisan kaki
Jeneng sira saking suwung
Mnyang suwung kudu bisa
Kalamune durung bisa bali wangsul
Den paringi pangapura
Nganti kaping enem kaki
Kinanthi
Kalamun wus kaping pitu
Kudu eling bisa bali
Marga wus prapta ’khir jaman
Saka suci bali suci
Aja nganti kekilapan
Kudu mangerteni ’’Kunci’’
Kunci murih bisa wangsul
Tumuju Gesang Abadi
’’Kunci Kerajaan Swarga’’
Kaya kang uwis den janji
Yesus menyang Petrus ika
Marga percaya Roh Suci
Mula samengko wus putus
Kalamun wus antuk Kunci
Teka antakane sirna
Badan lan suksmane kuwi
Uga melu bali sirna
Lamun wus bar telung ari
Sirnane badan puniku
Tan bali maneh mnyang alam
Nanging bali mnyang kang Yasa
Marga kanthine Roh Suci
Sampun datan ninggal bathang
Tandane sampurna jati
Mangkana pindhane Yesus
Sabubare telung ari
mBangun Baitullah anyar
raga lawase wus bali
njeng Muhammad yo mangkana,
marga wus nunggal Roh Suci
kabeh mung cuplikanipun
lamun wus manunggal urip
Bisa kaya kang mangkana
Banjur bisa dadi bibit
wiji Kang langgeng sipatnya
Jagad Anyar rane kaki
Kang Kiamat Kobra puniku
Lahiripun Jabang Bayi
Ska Jagad lawas mnyang Anyar
Sa’alam donya puniki
Obahe Roh Suci sdaya
Ayem tentrem kang sa’lami
Kiamat werdinipun
Bangkitipun eRoh Suci
Bangkite hanggawa tandha,
Ing bawana gonjang – ganjing,
Kabeh sipating sujanma
Horeg denherog ngemasi
Kajawi kang lepas ’’Garu’’
Yoiku ingkang ngerteni
Sahadat jati hYang Suksma
Kang awujud ’’Panca Gaib’’
Kang ngasta Gusti Priyangga
Wus nyarira ing pribadi
Mula gya larinen iku
Gusti Amad kang wewangi
Nabi besar kang pungkasan
Panutup skabehing nabi
Gusti dewe kang nyarira
Jumeneng Avatar Khalki
Yo Imam Mahdi puniku
Yo Budha Maetreya kaki,
Yo Yesus Kristus Meisias
Yo Sang Wisnu Krisna Murti
Yo Muhammad Rasullullah
Gusti Jumeneng Pribadi
Nabine kabeh jalmiku
Kabeh kang sinandang Urip
Mnungsa kewan tetuwuhan
Kang isih kapurba Urip
Kang gumelar ing Jagad Rat
Langgeng datan owah gingsir
lan Akhirat werdinipun
Rat – Jagad lan Akhir - keri
Yo Jagad ingkang pungkasan.
Kiamat ing sastra Jawi,
Ki – siji, A – ana
Mat – iku Rasa Sejati
Dadi sawise Mat iku
Njur mijil Rasa Sejati
Mijile rasa punika
Sawiji sijining wiji
Yo Urip Gusti priyangga
Mangkana ing Sastra Jawi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar