ADVERTIZED

ads ads ads ads ads

Kamis, 16 Desember 2010

JANGKANITISASTRA

Megatruh

PAWELING GAWAT

para kadang kang kersa tak anggep sdulur

lan para sdulur kang arsi

ingsun matur ing ngarsamu

rumesepno jroning ati

pawelingku den rungokno

gawat estu kadangku lamun tan purun

bakal getun ing salami

sebarno mnyang anak putu,

tiyang sepuh lan kang estri

uga menyang pawong mitra.

Ing wekdal samengko lan sabanjuripun

Hendakno hardaning napsi

Jo nganti anyimpang laku

Ojo suko cidreng janji

Ojo seneng hamaeko

Aja nganti katut ubaling dahuru

Sabisa – bisa kang arih

Tumindak e ingkang jujur

Aja seneng ngayal sugih,

Nadyan luwe aja nyolong

Eling waspada lawange dipun tutup

Keh durjana ingkang nenggi

Yen binukak maling mlebu

Nangkodane bisa ganti,

Suksmo murko lan hangkoro

Karsa ala iku lawang wis ambuka

Banjur kepanjingan iblis

Njur ngajak nuruti nepsu

Wus lepas saka kendali

Yen masuk tan bisa endo

Yen nyawiji manungsa, dajjal aranipun

Tan bisa dilawan Kyai

Tan bisa dilawan Wiku,

Pendeta , Pastur wong suci.

Uga donga lan pusoko

Mungsuhipun tan liya amung Sang Wisnu

Gesang kang wis nunggal diri

Knapa sun mawanti estu?

ben ra getun ing salami

marga jangkane wis prapto

na wit urip tinandur langit sap Pitu

wus kaping nem kurang siji

kang dimaksudake iku

uriping saben pribadi

reinkarnasine manungsa

diparingi ngapura nganti ping pitu

lamun durung bisa bali

kang ping pitune wis putus

wus tan antuk ing aksami

manjing nraka salamiyo

wektu iki tumindak durjana iku

hukumane ‚‘cash and carri‘‘

iku merga tresnanipun

Gusti dumateng sujanmi

mrih enggal nyuwun ngapuro

aja malah diayem – eyem puniku

”sabar, gusti nembe nyobi’’

Dadi,ra ngakoni iku

Waleh marga salah kaki

Rekasane tambah dowo

Menawa tumindak culika slamet iku

Iku kang mesakke kaki

Sampun mboten dipun wengku

Gusti tan nggatekne yekti

Mula welingsun gatekno

Kanggo sdulur kang wis nandang roba iku,

Sepisan kudu ngakoni,

Pindho apura disuwun

Ping telu aja mbaleni

Papate eling waspodo

Uga sedulurku kang lagi kabendu,

Aja ngasi kumowani,

Golek margi harta karun.

Kang kedoke barang antik.

Eling hukum rejeki lho

Lamun nyuwun pitulungan ilmu dukun,

Batine dukun ngakoni

Tan bisa aweh pitulung,

Sanadyan diri pribadi

buntut – buntute maeko

coba gatekno hukum rejeki iku,

kutub plus tandane rizki

yen amburu arahe plus

lir wesi sembrani kuwi,

plus lan plus tan bisa ghatok

yen arsa narik plus kudu wani minus

kang minus rasane kaki

ples lan mines bisa mathuk

anggambuh sarta nyawiji

aja amesu sariro

minese raga nyedot materi iku

nek suksma uga ketarik,

disawijeni leluhur

malah melu ngebot – boti

iku malah ra prayugo

lamun sedulur golek donya puniku,

golek a kdatone Gusti

donyane bakal sumuyut

nanging tetep slamet kaki,

Al kitab lan hadist ono

kang disebut kedatone Gusti iku,

rasa tentrem kang sejati,

Bisane tentrem puniku,

Angen angen ra makarti

Gusti lenggah ana kono

Mangkono pisungsung nggo para kadangku

Muga kersa angagemi

Ingkang gawat jamanipun

Datan bisa diselaki

Lamun tan kersa sumonggo


BOOK BY TERM NITISASTRA extracted MPU BRI HAWAN NOTOSEWU REAL BOOK OF NITI RM.KOESEN (Contains data Kasunanan Intelligence Agency Surakarta Palace also contains a prediction that something will happen around the world)

Tidak ada komentar: