ADVERTIZED

ads ads ads ads ads

Kamis, 16 Desember 2010

JANGKANITISASTRA

Megatruh

IMAN

Yen siro arso weruh,

Sejatine iman iku ana kalbu,

Percaya saka telenging ati neki

Yo percaya kang satuhu.

Yen Allah iku ono.

Yo Urip Gede iku,

Yo ingkang anggelar Jagad Agung,

Njur Iman anane Molekat ping kalih,

Anane Kitab ping telu,

Ping pate kudu percoyo,

Anane Nabine ‘ku,

Qodho lan Qodhar salajengipun.

Yeku percaya takdir ala lan becik,

Banjur kang pungkasan iku,

lamun Kiamat pancen ono.

Wus jangkep enem sampun,

Dununge Rukun Iman iku,

ananging sireku kudu mangerteni,

Lungguhe kanthi saestu,

Ing ngendi papan dunungnyo.

Lungguhe Allah iku,

ana telenging rasanireku,

malaekat kang ngajak – ajak becik kuwi,

yo wus ana ing rasamu,

iku bener kroso nyoto.

Njur yen Kitab puniku,

Ki - Siji, Tab - Angger –angger iku,

Dadi Kitab iku Ketetapan Siji,

Unine bener saestu,

Gusti dewe ingkang njogo.

Yeku Unine Kalbu,

Wujude mung rasa kang satuhu,

Yo ing kono dununge Kitab Sejati,

Yen diunekake tutuk,

Banjur metu dadi sworo,

Uni lan swara Rasull,

Lamun ditulis ono ing buku,

Buku Kitab Suci, Musyaf Kitab garing.

Mulo Allah paring dawuh,

Wacanen ! aja diwoco,

Wacanen aneng kalbu,

Dadi bisa mahanani estu,

Yen mung moco antuk sworo mlebu kuping,

Mulo ngertyo kang kinandut,

Lan ngertyo artining boso.

Iman salajengipun,

Yeku iman marang Takdireku,

Becik lawan ala iku wus sumanding,

Kabeh kudu dipun daku,

Jo mung nggelemi apik thok.

Spiro budidayamu,

Hasile sumarahno Gustimu,

Putusan Gusti iku arane takdir,

Tan biso ngarani lamun,

Kedadean durung klakon.

Yen ujare mbah dukun,

Ngarani kedadiane mbesuk,

Iku arane ngramal, sih owah gingsir,

Aja sok mastekke estu ,

Takdir mung Gusti kang Pirso.

Yen ono kang tuwajuh,

Kdadean kang bakal prapto iku,

Iku amung diparengke mangerteni,

Yen Gusti tan weh pituduh,

Angarani opo biso ?

Anane takdir iku,

Wus dipun nas ing Laukhil Ma’ ful,

Tan biso ngrubah nging biso disingkiri,

Krono ngawasake laku,

Sarto nyuwun nganggo dungo.

Nging sapa bisa temu,

kalawan Guru Sejatineku,

takdir ing Laukhil Makful kang wis tinulis,

Guru Sejati puniku,

bisa angrubah takdirnyo,

ugo bisa anglebur,

sekabehe takdire puniku,

saka ‘’karma’’ kang sinimpen ing Blue Print,

ono ing otak dumunung,

Roh Suci kang bisa ngobong.

Yen aran nasib puniku,

Budi pakarti kang lagi laku,

Ingkang mahanani ala kalawan becik,

Pangertene iku dunung,

ing roso pangroso.

Pramula nasib iku,

Biso rinubah sajroning laku,

karono budidayane kang premati,

toto titine kang tuhu,

mrih hasile kroso lego.

Toging laku puniku,

Lamun budi pakarti wis lungguh,

yo lungguhe iku diarani takdir,

ing kono dedunungipun,

pepuntone budi doyo.

Mulo hestinen estu,

sadurunge menthog ing laku,

di udi gemi nastiti ngati – ati,

banjur yen wis menthog iku,

takdir pasrahno kang kwoso.

Yen aran kodrat iku,

Ono sipat loro kang dedunung,

Yo sadat karo iku olo lan becik,

Gedhe cilik, metu mlebu,

Enom tuwo, njaba njero.

Siang kalawan dalu,

Esuk sore estri kakung,

Bejo ciloko, wareg kalawan ngelih,

Bungah susah nangis ngguyu,

Kabeh iku sadat karo.

Pramulo kodrat iku,

Tan biso dirubah lan disuwun,

Kang lumepas saking sadat kalih,

Uwong lebdo kang saestu,

Lawan Gusti wus sajugo.

Iman salajengipun,

Iman yen Kiamat wonten estu,

Opo to Kiamat kang diwastani,

Sampun kaserat ing kidung,

Waosen ingkang sayegtos !

Kabeh winursito wus,

Rukun Iman enem cacahipun,

Iku kang kaserat ing buku tulis,

Satemene Iman iku,

Ora mung cacah semono.

Kabeh manungsa iku,

kudu percoyo skabehing tembung,

tembung iku dumadine saka uni,

uni iku nggawa bentuk,

klebu Setan Demit iko,

Gendruwo ilu – ilu,

Semar Togog Bagong apa mBilung,

Pesawat UFO apa Dewo lan Iblis,

Anane tembung puniku,

Margo bentuk disik ono,

ono iku ambentuk,

wujud iku ono aranipun,

lan wujud tan kudu kasat soca kaki,

sanadyan Gusti puniku,

ono wujude mung Roso.


(BOOK BY TERM NITISASTRA extracted MPU BRI HAWAN NOTOSEWU REAL BOOK OF NITI RM.KOESEN (Contains datas Kasunanan Surakarta Palace Intelligence Agency)

Tidak ada komentar:

Pages 131234 »