ADVERTIZED

ads ads ads ads ads

Kamis, 16 Desember 2010

JANGKANITISASTRA

PANUTUP

Dhandhanggula

Tyas duhkita humiring Sang Kingkin

Wus winursita panguneging tyas

Nging nyuwun pangaksamane.

Sun anggung kumalungkung.

Den esemi wus ngrumaosi,

Andhaping pawiyatan,

Tan kadi pra ngilmu.

Edi peni ingkang sastra.

Luwesing micara akeh kang ngugemi

Datan kadya manira

Nanging trima luwung luwih becik,

Amariske warisan utama

Marang putra lan wayahe

Kanggo bahan sinau.

Bisa sung kinarya palupi

Amepaki kawruhnya

Kawuryaning lebuh

Tumuju Jatining Sonya

Idamaning para Dhatu lan Maharsi

Kang tan timun jinara

Smanten rumiyen pisungsung mami

Sun sumarah kumambang karseng hYang

Pangrerantaning manahe

Sampun winursita wus,

Pitulas dinten Budha Manis

Juni iku wulannya

Ing sengkalanipun,

Manjing Wung Tentreming Sembah

Sineratipun warsanya kang Masehi

Warsa Je Jawanya

Tri likur candra Jumadilakhir

Maligi saking tiyas binuka

Kuntara iku Windune

Pranata Mangsaneku

Sada rolas, ’pat siji ari

Surya Hanumpang Harga

Ing sengkalanipun

Ngelmi Suci Manjing Putra

Asesanti Jaya – Jaya Wijayanti,

Lestari salaminya


BOOK BY TERM NITISASTRA extracted MPU BRI HAWAN NOTOSEWU REAL BOOK OF NITI RM.KOESEN (Contains data Kasunanan Intelligence Agency Surakarta Palace also contains a prediction that something will happen around the world)

Tidak ada komentar: