Gambuh
TAUHID
Weling kanggo putraku,
Kang diwastani Islam puniku,
Slamet, tegese tauhid kang agami
Werdine Tauhid puniku,
Percaya yen Gusti Mono
Yakin yen Gusti ’’Satu’’
’’satunggil’’ siji kang inggil iku,
Inggil – inggile inggil puniku siji.
Gusti Alloh kang satuhu.
Datan ana Gusti loro.
Lan datan ana telu.
Lamun kabeh agama puniku,
Ngajarke yen sesembahan jati siji,
Islam wastane puniku.
Yo Islam kabeh agomo.
Nanging yen mnungsa iku,
Ana kang tan purun ela – elu,
Aran agama datan kersa ngagemi,
Nanging wus percaya estu,
Lamun Gusti iku Mono,
wong Islam uga iku.
Dadi Islam iku Merkipun.
Kang perlu dicethakne iku Ta u hid.
Pramula wong ingkang metu,
Ska tauhid, Murtad arannya.
Kinanthi
Yen Murtad gedhe kang bendu
Politheis rane kuwi.
Ngakoni yen Gusti ika,
Njur luwih saka setunggil.
Pramula wong kang mangkono,
Datan winengku mring Gusti.
Lamun metune menyang Hindu,
Apa dadi Kristiani,
Apa pindhah mnyang Budha,
Apa malah tan ngagemi,
Iya isih tetep islam.
Mung yen tan nduwe agami,
Ragane tan aji iku.
Tumrap sepadaning jalmi.
‘Gami bisa dadi srana,
Akanggo silaturahmi.
Lan nggo ngudari masalah.
Malah bisa nggo politik.
Ing jaman Nabi rumuhun,
Kabeh Islam kang Agami.
Mangkono ing Kitab Qu’ran
Islam sampun ditegesi.
Kaya ing nduwur kajabar.
Lamun sira isih sangsi,
Yen ditakoni nak putu,
Kepriye jawabmu kuwi ?
Lamun tan bisa njabarna.
Islam mudhune kawuri.
Lamun kabeh Nabi Islam,
Lha kenapa Isa Kristin ?
Lan kenapa Nabi Daud,
Klawan Nabi Musa kuwi,
Nora ngajarake Islam ?
Mongko kabeh Kitab Suci,
Dibenerake ing Qur’an.
Piye jawabanmu yen sangsi.?
Mula kabeh iku amung,
Bedanipun wonten nami.
Beda aturane ika.
Amarga sarwo nggenepi.
Njumbuhke sipate jaman.
Kang sih tetep pada’’Tauhid’’
Mula aja perang tembung
Mula aja rebut apik,
Ingkang ora bener ika,
iya kang ngajak miwiti,
Klawan kang nanggapi ika,
loro – lorone kang rugi.
Piye endahe yen rukun ?
Kepriye mnawa sakapti ?
Kang dirembug ‘’persamaan’’
Snes ‘’perbedaane’’ kuwi.
Priye mnawa kebebasan,
B’ragama dijamin yekti.
Lan piye yen mnungsa iku,
Datan mung ngela – ngeluni.
Gusti nyuwun pangapura,
Nusantara nembe sakit,
Gya kaparingana tamba,
Virusipun den obati.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar