ADVERTIZED

ads ads ads ads ads

Kamis, 16 Desember 2010

JANGKANITISASTRA

LANJUTAN


Asmarandana

NGUDHARI SASMITO

Lamun sira arsa uning

Kang dipun wastani Budha

Budh iku eling werdine

Lah budha dudu agama

Kang sine mung ageman

Pangerten ilang yen turu

Yen nendra sapa kang sadar?

Ingkang sadar yekti Urip

Sih dedana nggelar rasa

Ing Jangka Sabda Palone

Arsa nyebar gami Budha

Agemane hYang Suksma

Yeku Rasul kang satuhu

Ayat wus sanes patokan

Samengko Urip pinundi

Mbiyen Urip dibebudak

Kinen nyekapi butuhe

Nanging yen kasembadan

Wus nampa kanugrahan

Nora ngerti matur nuwun

Mula Gusti iku nlangsa

Durma

Kesampar ksandung manungsa tan ngertiya

Kinirane ing langit

Mula ndonga ndangak

Jare percaya ayat

Mnawa Gusti iku luwih

Cedak katimbang

Ing urat gulu neki

Kang bener dedunung ing Alas Ketangga

Keteg Angga pribadi

Yeku aran Ka’bah

Sangkan sangkane obah

Mula obah hangobahi

Obah lan polah

Ngobahke sagung jalmi

Lamun sira arsa dadi tamu Allah

Enggalo munggah kaji

Mnyang Alas Ketangga

Liwata Ponorogo

Wus temtu sira kepanggih

Kretane Rasa

Kutane Sonya Ruri

Kalamun sira nduweni panyuwunan

Nelangsaha njro ati

Gusti adol rasa

Kudu tinuku rasa

Sedyane disembadani

Gelis katampa

Rasuwe diparingi

Jo seneng daksiya lan gendak sikara

Ujare simbah nguni

Yen wong lagi ksiksa

Banjur tuwuh nelangsa

Kabeh ucape malati

Lir sabda merga

Frekwensine sambung Gusti.

BOOK BY TERM NITISASTRA extracted MPU BRI HAWAN NOTOSEWU REAL BOOK OF NITI RM.KOESEN (Contains data Kasunanan Intelligence Agency Surakarta Palace also contains a prediction that something will happen around the world)

Tidak ada komentar:

Pages 131234 »