ADVERTIZED

ads ads ads ads ads

Kamis, 16 Desember 2010

JANGKANITISASTRA

KINANTHI KLENIK

Kinanti liring pitutur

Hanutur kang kersa njawi

Ngertia nalika smana

Wong Jawa dipaekani

Kinen mbuang ilmu nyata

Klenik ilmu ra prayogi

Murih bisane digugu

Tinitipake agami

Yen percaya klenik dosa

Ibadahe tan tinampi

Nanging kocapa wong manca

Ngerti Jawi pusat ngilmi

Wong ngamanca dadi pandung

Ngasta kitab technologi

Sine ngilmu neka warna

Wekasan Jawa kawuri

Wong manca kajolandara

Ingkang Jawi kinen ngaji

Ingkang aran klenik iku

Clenn saka tembung keloning

K – nipun sinebut photon

K – partikel ingkang werdi

Dumunung ing ujung sinar

K – iku bibit dumadi

K – menika paling lembut

Datan bisa dideteksi

Uga tan duweni masa

Sinar tansah nuju bumi

Wonten bumi eneng apa?

Marga duwe mines inggil

Sinar tansah tumuju vakum

Njro mines mesti produksi

Conto bumi lan wanita

Ing rahim vacum produksi

Bisa kloning sipat jalma

Ing njro roh dibusanani

Roh Suci ingkang kinandut

Diproses dibusanani

Murih mijil katon nyata

Busanane tigang warni

Badan Rochani kang eka

Badan Jasmani ingkang dwi

Katri Badan Wadagipun

Jangkep ceta dadi bayi

Kloninge nyedot king njaba

Sarine rasa, anasir,

Sarta Sari Tetuwuhan

Sari – sari bisa dadi

Sari rasa dadosipun

Rasa pangrasa sayekti

Sking anasir dadi sipat

Sari tetuwuhan dumadi

Beleger panca indriya

Kabeh asal sking materi

Beja ing Jawa dumunung

’ Sih akeh ingkang alami

Beda klawan timur tengah

Sarwo panas kang anasir

Tetuwuhane tan kathah

Dadi sipat owah gingsir

Mula Nabi keh tumurun

Tabib nekani wong sakit

Diparingi obat tamba

Dosisipun banget inggil

Njaba sehat njero lara

Sih akeh sing ora mari

Tiyang mriki nderek ngunjuk

Ngunjuk obat tanpa sakit

Ora ngerti lara apa

ananging tan diselak i

Panduk panduming dumados

Beda - beda ingkang warni

Njur Klenik salajengipun

Khuark,atom,unsur atmosfir

Kabeh proses klenik ika

Cethane skabehing dumadi

Ananging mangertenana

Saklembutipun materi

Sang urip sak lebetipun

Urip hobah hangobahi

Obahe atom H lan O

Senyawane dadi warih

Yen atom tan diobahna

Mangsa bisa dados warih

Iku minangka contonipun

Akeh banget warni – warni

Ilmune gusti menika

Tan bisa sanggup tinulis

Puncakipun ilmu ika

Pengkloningan wujud jalmi

Manungsa urip puniku

Lamun bisa anggaweni

Aja banjur ngaku bisa

Piye yen tininggal Urip

Skabehe pakaryan ika

Ora bakal wujud dadi

Sapa sing cet lombok puniku

Ujare wong yekti Gusti

Sang hYang Widhi, Tuhan, Allah

Ingkang bener yekti Urip

Wit yen dibedol Allah sih ana

Pa sida ngcet yen wit mati.

Skabehing pangerten iku

Bisa nyebut Allah Gusti

Yen tininggal turu ilang

Sapa kang isih nunggoni?

Urip kang sih nggelar rasa

Sabar,’dyan tan dingerteni

Digendong rinten dalu

Mobah polah den uripi

Nanging datan mangertia

Yen Urip Gusti pribadi

Mnawa Urip purikan to,....

Wong dodol kembang keh bathi

Sabar welas asih iku

Sampun sipate Sang Urip

Lan jujur narima iklas ngalah

Yogya nira para jalmi

Ska awreda mnyang taruna

Den esthi den agem yekti

Pun cekap caos pisungsung

Mugya bisa mahanani

Seratan sanes Pujangga

Kidunge Kinanthi Klenik

Sisip sembir nywun aksama

Rahayua sagung jalmi


BOOK BY TERM NITISASTRA extracted MPU BRI HAWAN NOTOSEWU REAL BOOK OF NITI RM.KOESEN (Contains data Kasunanan Intelligence Agency Surakarta Palace also contains a prediction that something will happen around the world)

Tidak ada komentar: