ADVERTIZED

ads ads ads ads ads

Kamis, 16 Desember 2010

JANGKANITISASTRA

Pangkur

PAMEDHAR JANGKA

Wonten maleh ingkang jangka

Ngendikane Sri Jaya Baya Aji

Menyang kakang Semar iku

Kalawan mnyang Antaga

Kedawuhan hangirid sagung lelembut

Mbyantu Prabu Herucakra

Nata tedhak Sonya Ruri

Werdinipun Jaya Baya

Sasmitane Moho Suci mring jalmi

Menawi kang turasipun

Wijining Jagad Anyar

Joyo Jumenenge Toya tegesipun

kang Boyo Wadahing Toya

Jaya Baya, Asma Jati

Duk ing uni wonten jangka

Ketekan wiku saking nge-Rum kaki

Werdinipun kang angrungrum

Inggih Gusti piyambak

Mnyang ragane manungsa Gusti angrungrum

Ngajak- ngajak kinen nunggal

Njur nywara njur nyabda dadi

Ajejuluk Kameswara

Kama kang asung swara werdineki

Sbanjure kekasih Prabu

Sri Maha Jaya Warsa

Jaya Jumenenge Toya tegesipun

Kang warsa, warising rasa

Prabu Jaya Warsa Aji

Sang Wisnu ya Herucakra

Sang wisnu amung anitis kaping tri

Tegese yen isi telu

Kabeh samya manunggal

Tri Murti uwis gembleng marga wus lungguh

Manjing puled – pinuledan

Tan kawistara ji - siji

Ingkang Asma Herucakra

Her banyu Cakra bunder, bibit urip

Tirta Suci Kamandanu

Iku Basa Kawinya

Nanging luwih tuwa timbang Kawi iku

Kang diwastani Pallawa

Kabeh iku sastra Jawi

Sastra Jawi kaping papat

yo Herucakra bibiting dumadi

Ingkang saking Tlaga Tanjung

Yo Roh Suci wujudnya

Mula iku Tunjung Seta dutanipun

Ngirid skabehe lelembat

Kang lembut iku Roh Suci

Balane kala lan klabang

Iku nandakake skabehe Urip

Yen Sirrulah ajinipun

Obah polahe ska Sir

Sir iku banjur metu sabda satuhu

Ngen angen tan bisa ngadang

Kabeh kalah tumpes tapis

Mula yen para manungsa

Wis diobahake saka Roh Suci

Skabehing kadonyan pupus

Wong juti datan ana

Kabeh sumuyut wingitipun Sang Ratu

Wus tan darbe karsa dora

Wus ra perang lan korupsi

Kabeh iku bakal teka

Roh Suci iku waskita sayekti

Marga no pribadineku

Mbiyen dipun bebudak

Nuruti angen – angen nyekapi butuh

Samengko wus datan kersa

Ling den eling weling mami

Yen tan eling manggih sara

Bakal dibebonda dipun taleni

Lir suket digaru luku

Ing ngendi ndelik ira

Ingkang nggaru lan ngluku neng pribadimu

Wong kang numpuk banda donya

Tan wurung samya ngemasi

Dibeteng disap songolas

Mongso bisa uwal saka Roh Suci

Nanging yen tininggal lampus

Mangkono wancinira

Sabda Palon bangkit anggawa bebendu

Gonjang ganjing manungsa

Datan ana jalma uning

Ingkang eling lan waspada

Suprandene sira bisa mangerti

Gusti rawuh kaya pandung

Mula wis disanepa

Ing dusun – dusun saiki akeh pandung

Iku murih awas pada

Keh maling supaya eling

Banjur ana program rondha

Rondha gugah gugah wus nyasmitani

Gya wungua rasaneku

Sare nem matus warsa

Katone melek nanging sih padha nglindur

Mila awit sa’menika

Ayo enggal nglilir yekti

Wus caket tenanan ika

Pa ra weruh jangkanipun ing nguni

Siti toya dadi endut

Pernah etan bengawan

Gunung – gunung pada daup sampun estu

Alun alun munggah darat

Keh kobongan nyasmitani

Dahana simbul angkara

Alun – alun dumadi ska Tsunami

Keh pralaya marga lindu

Lapindo wetan bngawan

Kayu alas akeh kang jinarah pandung

Pantun keh diserang ama

Akeh jalma mangan jalmi

Kapan Nusantara aman

tan bisa manungsa jumeneng adil

lamun tan antuk wahayu

datan ana pimpinan

kang bisa ngluwarake saka bebendu

duh Gusti Kang Maha Welas

nyuwun gunging pangaksami

luwaraken Nuswantara

saking roba sakit ingkang ndatengi

paringana tambanipun

murih enggalo muncar

kadya duking uni negari misuwur

nuswantara gemah ripah

toto tentrem loh jinawi

kados ingkang dipun jangka

tiyang cilik wangsul dateng agrami

technologi datan kantun

rakyat da suka - suka

dhuh Gusti mbenjang mnapa mandhaping wahyu

lumebet jroning wardaya

Roh Suci kang mandegani

ngemuli sagung dumados

temtu ayem tentrem ingkang negari

eling den eling pra sdulur

obahe mnungsa ika

den kendhalekake saka kaleh unsur

suksma murka lan hangkara

diwastani Setan Eblis

ing alam donya punika

sak njabaning mnungsa na titah malih

memalaningrat kang estu

manungsa datan krasa

mring sipat kumudu sugih pinter unggul

digang digung adiguna

iku dudu ska Roh Suci

ingkang ska Roh Suci ika

anane mahanani tentrem yekti

nora iri yen ka unggul

nora pingin dipuja

uga rakepingin numpuk banda bandu

lir Begawan Abiyasa

prasaja hambeg utami

yeku tandane ’khir jaman

ingkang mandegani Gusti Pribadi

Kraton Surga kang den antu

Jangkane Nabi Isa

Sang Budha , Wisnu, Pujangga lan njeng Rasul

Rampung darmane kawula

Kabeh wus manunggal Gusti

Tembung kawula tan ana

Wis diwisuda dadi putra Gusti

Welas asih sabar jujur

Narima iklas ngalah

Hanetepi hananira hananIngsun

Gusti wus hanyarira

Kawula Gusti wus siji

Mangkono langgeng sifatnya

Tan ngagemi tembung lahir lan mati

Kang lahir lan mati iku

Sipat suksma lan wadag

Roh Suci ngagemi tembung lunga lan wangsul

Yen kawula iku Suksma

Yen Putra iku Roh Suci

Mangkono donya lir surga

Ibu Bumi suka andanawarih

Datan ana siti tandus

Tan ana heru hera

Gurun Pasir wus luar saka sesiku

Kewan galak padha jinak

Keh taneman thukul gaib

Sekabehe ilmu nyata

Lan sarwo canggih bidang technologi

Kang so dibayangke iku

Yektine bisa nyata

Amarga skabehe manungsa puniku

Wus asarira Bathara

Nganti bisa tleportasi

Puncakipun ilmu ika

Manungsa bisa kloning sipat jalmi

Nanging mnungsa datan ndaku

Gusti dewe kang karya

Manungsa amung den obahke ska kalbu

Ora ana kang suwala

Kabeh wus Gusti pribadi

Kloninge manungsa ika

Evolusine kaya mnungsa iki

Banjur angagemi tembung

Suksma titah kawula

Mangkono kang tininggal ing Bumi iku

Ingkang sarwi bebranahan

Ngrumat lan ngiseni bumi

Sadurunge dipun tinggal

Diwejang diwuruki werna – werni

Mrih diajarne tumurun

lamun kang dipun sembah,

Yo Kang karya jagad saisine iku

Nanging memorine suksma

Winates merga sking matri

Sipate Roh kang manunggal

Wus langgeng tan kesekat aling – aling

Amarga wus asipat Nur

Bisa menyang ngawiyat

Lintang mnyang lintang tan ana ruang waktu

Roh Suci wus ra gumunan

Wangsule mnyang Cundamani

iya Lintang Johar Awal

Wadahipun sedaya eRoh sami

Skabeh dumadi iku

bibite Nur Muhammad

Kalebu Srengenge, Lintang lawan Tengsu

Pramula Muhammad Rasull

Diutus karya dumadi

Ora nganggo sayidina

Roh Suci datan Jaler datan Putri

Datan enom datan sepuh

Kabeh manungsa ika

Pininta dadi jalmo asipat Rasul

Kang makili ”AKU’ ika

Yo Muhammad kanjeng Nabi

Akune saben manungsa

Karo Akune kanjeng Nabi sami

”Lamun sholawat mring ’’AKU”

Gusti paring nugraha

Roh sucine dewe – dewe iku ”Aku’’

”KU’’siji ngebaki jagad

Tresna a diri pribadi

Rassul, Kristus, Wisnu, Budha

Arane PUTRA utawa Roh Suci

Yen mnungsa kawula tuhu

ROMO lan PUTRA ika

Sejatine yo URIP lan CITRAnipun

Kang diarani kawula

Uripe kang ska materi

Kang ngobahake kawula

ngen – angen, Panca ndriya, Budi pkerti

Mula swening suwe iku

Manungsa keh durjana

Banjur Gusti ngutus Roh Suci tumurun

Asarira wadag Mnungsa

Maringi kitab agami

Mangkono tumrap kang percaya

Nganti Gusti dewe mandap ing Bumi

Liwate jroning Kalbu

Sak njeroning Manungsa

Ingkang paling gaib kang sajroning Kalbu

Sanese saking donya

Asalipun sking materi

Yektine jroning manungsa

Wus diparingi pamomong Sejati

Hati nurani puniku

Simbulipun hYang Semar

Lamun kersa nurut ati nuraniku

Manungsa wus datan samar

Wis mesti rahayu yekti

Nanging kalamun tan kersa

Kadyo ceritane jangka ing nguni

Tandure wus ijo iku

Royo – royo kang katon

Wong mlaku mnyang Kumitir bedahing enu

Njur hYang Semar datan kersa

Trimo mundur manggen wuri

Ingkang wonten ngarsa ika

ngen – angen panca ndriya lan budi pkerti

angen - angen ’’cidra’’ estu

amarga datan nyata

pancandriya sipate ’’pingin’’ iku

budi pekerti punika

sipatipun ’’owah gingsir’’

aturan ingkang dipathok

iku asal saking ngen angen yekti

ingkang anut kalbu iku

rasa tan bisa cidra

kalamun sira nerak rasa puniku

bakal hanemu dedosa

dosa iku ingkang werdi

dosa - dumadine rasa

ra bisa tentrem iku wus nemahi

lamun akeh nerak iku

nggedibel ing sarira

katon nyata marga ngrasakake estu

mula pilih anut rasa,

pa ngen - angen kang dipilih?

lamun limang atus warsa

Sabda Palon arsa anagih janji

hasile ing ngarsa iku

angkara ngambra – ambra

sabdanipun duk nalika wekdal iku

lamun wonten Tiyang Jawa

Jeneng tuwa dewe kaki

Sun ganti wonten ngarsa

Panjenengane kang dipun derek i

tandane Merapi hanjeblug

banger warih gandanya

arah – arahipun nuju ngulon ngidul

sun sebar agami Budha

yen tan purun ngagemi

sun sajekken begasakan

njur Prabu Brawijaya esmu ajrih

nanging sang prabu wus mupus

srah kersaning jawata

mangkono ing Jangka Sabda Palonipun

wonten Jangka Joyo Boyo

nggih sampun disebut yekti

Putrane Bathoro Indra

Tumedhak ing Ngarca Padha puniki

Wetan sikil Redi Lawu

Dukuh gupon tundha tiga

Dipun islah sedalu sabdane Rasull


BOOK BY TERM NITISASTRA extracted MPU BRI HAWAN NOTOSEWU REAL BOOK OF NITI RM.KOESEN (Contains data Kasunanan Intelligence Agency Surakarta Palace also contains a prediction that something will happen around the world)

Tidak ada komentar: