ADVERTIZED

ads ads ads ads ads

Kamis, 16 Desember 2010

JANGKANITISASTRA

Dhandhanggula

GUMELARING JAGAD ANYAR

Mangertiya jeneng siro kuwi,

Ananira dumadi sking sapa ?

Gusti kang Anyabdakake.

Lantaran Bapa Biyung.

Ing kono Gusti hangagemi,

Busanane arupa,

Tirta Suci iku.

Wewujudnya kawastanan,

Yaiku Tirta Suci Perwitosari.

Sasampune manunggal,

Tirta Kamandanu den wastani.

Yo Banyu Urip lawan bibitnya.

Wijile den lantarake,

Nunggale bapa biyung.

Dikongsi mijil Rasa Sjati.

Mula Suci asalnya.

S’king Keris kang di tus.

Tinampan wadah warangka.

Mula Yesus wadahe Sang Kristus Suci.

Ismaya manjing Semar.

Utawa Rasullulah puniki,

Ingkang pinuled manjing Muhammad.

Yen durung ngagem wadahe,

Wujudipun maksih Roh Suci.

‘sih ing teleng Samudra.

Kang kagungan iku,

Gusti Maha Suci nyata.

Lamun Gusti kagungan karsa umijil,

Njur Roh Suci sinabda.

Tumurun ing guwa garba wibi.

Eko candra lan dwi condro prapta,

Bentuk warni tri wulanne,

Gyo amobah kang catur,

Panca wulanipun amalik,

Sad wulane angetang.

Njur salajengipun,

Sapto condro gyo mangarsa.

Ndungkap hasta mnyang nawa condro umijil.

Ananging kawruhana,

Lamun jabang bayi arsa mijil,

Mijilipun wonten kaleh marga.

Marga ino den liwatke.

Lawan setunggalipun,

Tan liwat marga ino yekti.

Kang liwat marga ina,

Asal Roh Suci iku.

Bisa tekaning pralaya.

Keno ing roba, lali, kalawan sakit.

ingkang tan liwat marga,

Aran Ratu Jalu lawan Estri.

Datan bisa kena ing palastra.

Banjur kang mbukak margane,

Kang dingin kawahipun.

Sastra Jendra ingkang wewangi.

Umijil paling ngarsa.

Kadang Kang Pembayun.

Gyo nguwuh – uwuh kadangnya,

Kang anom maksih ing guwa garbo wibi.

Arum manis ujarnya.

’’Heh yayi den gupuh gya umijil.

Pun kakang wus anunggu ing njaba.

Ing njawi akeh warnine.

Kabeh sarwo arum,

Katon endah lan edi peni’’.

Jabang bayi njur kersa,

Ma gita anurut.

Mijil sarwi tetangisan.

Sambatipun keprungu amelas asih.

Angowek- owek tangisnya.

Jabang bayi rumongsa dyapusi,

Swara gemluduk tan ana nyata,

Atambah banter tangise,

’’Ngendi kakangku mau,’’

Sastra Jendra wus tan kaeksi,

Tininggal mnyang gegana,

Toya kawahipun,

Wangsul rumesep bantala,

Kang isih keri kadang mudha nututi,

Miyos sking guwo garba.

Kadang nom Ari – ari umijil.

Prapta wuri patrab Hayuningrat.

Sigra – sigra ing ngarsane,

Mrepeki kadangipun.

Ingkang awreda jabang bayi.

Kang nembe mijil saka,

Guwa garba ibu.

Hayuningrat gya anabda.

’’Heh kakang wreda kang ingsun bekteni,

Aglis siro menenga

Kadang Ari – ari kang mangarsi.

Ngarih – arih mnyang kang wredha.

Apa ta kebutuhane ?

Kakang enggalo matur.

Hayuningrat engkang ngembani’’.

Wusana bayi nendra.

Ing embanannipun.

Kadang nem Hayuningrat.

Banjur tininggal ing ngawiyat ngupadi.

Kadangnya Sastra Jendra.

’’Kakang, Hayuningrat angupadi.

Wonten pundi kakang Sastra Jendra.

Ing ngendi papan dununge’’.

Hayuningrat sambatipun.

Lamat – lamat kang kapiyarsi.

Sastra Jendra gya prapta.

Temu kadangipun.

’’Heh yayi kadangku muda,

Ingsun keprungu sambatmu melas arsi.

Apa ta kersanira ?

Adoh lumaksa ngupadi mami.

Yayiku aglis sira matura,

Apa kang dadi kersane.

Pun kakang arsi ngantu’’.

’’Dhuh kakang, sun ngaturke bekti.

Kunjuk ing ngarsanira’’.

’’Banget panrimaku.

Yayi anom hayuningrat.

Sun tarima kanthi legawaning ati.

Mung puja pangestawa.

Pun kakang muga hanyarirani.

Liya iku kadang Hayuningrat.

Ingsun tanya mring ngarsane.

Apa pangunegipun.

Siro angupadi mring mami.

Aglis sira matura’’.

Yuningrat gya matur.

’’Kadang wredha Sastra Jendra.

Tumrab kadang muda jalma aja lali,

Tilar duga prayoga.

Welasa maring kadang sujalmi,

Iya kadangku ingkang awredha.

Lan kadang ira ingkang nem’’.

Sastra Jendra gya matur.

’’Ingsun tan tinggal dugi – dugi.

Ananging embanana.

Kadang jalmiku.

Tuturana kadang jalma.

Manungsa mrih lestariha eling mami.

Ingsun paring nugraha

Lamun eling tetep sun elingi.

Nanging lamun lali maring Ing Wang.

Ingsun uga nglirwakake.

Sun taleni sun bendu.

Jarwanana mangkono yayi’’.

Hayuningrat aminta.

’’Lamun kadang luput,

Ingsun kang nyuwun aksama’’.

Sastra Jendra nabda arih , ’’aduh yayi,

Yen siro iku minta,

Pangapura mring kadangmu jalmi,

Yo jenengsira kang sun apura.

Tumrab kadang manungsane,

Yen luput tetep luput.

Ingsun iki ngleggahi adil.

Pramula jarwanana,

Mring kadangmu iku.

Tansah elingna manungsa

Murih ngupadi mami eling lestari.

Dimen slamet raharja’’.

’’Iyo kakang, ingsun kang njarwani.

Kabeh sabda kang mentas kawedar,

Mila ayo aglis muled,

Manjing nglimpud hanglimpud

Maring hanggane kadang jalmi’’.

’’Yo kadang Hayuningrat.

Pun kakang sarujuk.

Manjing limput – linimputan’’.

Sigra karone manjing sarwi nastiti.

Kadi nyariro tunggal.

Mangkono lar - gumelaring urip .

Saisining jagad rat punika.

Ya gulung lawan gelare,

Mung rasa wujudipun.

Ingkang dadi talinipun, mrih,

aywa kuwur datanpa,

ana kaptinipun.

Sasat lebu sa’umpama.

Kabur kleyang katiyup dening maruti,

Kang tan pasti tibanya.

Marmanira tumrap wong ngaurip.

Sapata ingkang anggelar rasa ?

Ing saranduning badane ?

Rasa ana ananipun.

Sanadyanto tan dahat bangkit,

Tinanggapan lelantar,

Panca ndriyaneku.,

Kang katone mung ing ndonya.

Aywa siro kebanjur kedlarung ngesti,

Kahanan kang tan nyata.

Yeku gelaring budi pekerti.

Miwah gelaring panca indriya.

Mnyang gelar angen – angene.

Kabeh tetelunipun ,

Cidra agawe papa yekti.

Nging asalira obah,

Tlenging rasa iku,

Yeku sesembahanira.

Aran ka’bah sangkane obah sayekti.

Urip lenggah ing ka’bah.

Sigra upayanen kongsi panggih.

Yo Urip ingkang murba misesa.

Ana ing Jagad sakaler.

Manungsa kang wus putus,

Mring bawa tuwin maring budi,

Sarta wasis misesa.

Papan sembaheku,

Dunung Harga Sonya Tunggal.

Damar Kalinangka, cumondhoking Kunci.

Kunci ingkang ambekta,

Ing telenging rasanira Sjati.

kongsi gaduk Sejatining Mana.

Haywa siro aja supe,

Mring leluhur sireku,

Pawelinge estokno yekti.

Mrih ing mbesuke sira,

Bangkit bisa kundur,

Mnyang papanira sanyata.

Yeku asale dumadi Bibit Urip.

Winastan Heru Cakra.

Mara udinen den kanthi gati.

Haywa sira cidra lan sulaya,

Marga wus cedak tandane.

Ing Jagad Raya iku,

owah gingsire katon prapti,

yen siro tan manunggal,

mring Uripmu iku,

bakal lebur kuwur dadya,

suksma nglembara tanpa sedya, tan pasti,

ngendi pencokanira.

Sinom

Ramanira kang sanyata

Manunggal sajroning kalbi.

Hestinen dikongsi krasa,

Rumangsa, ngrasakake yekti.

Carane ngagem kunci.

Krasa mahanani estu.

Sendekna karseng Rama.

Manedho Tentrem Sejati

Nalangsaha narima kongsi tumeka.


BOOK BY TERM NITISASTRA extracted MPU BRI HAWAN NOTOSEWU REAL BOOK OF NITI RM.KOESEN (Contains data Kasunanan Intelligence Agency Surakarta Palace also contains a prediction that something will happen around the world)

Tidak ada komentar: