dhandhanggula
KHIDIR NGILMI SEJATI
Sinaua crita duk ing uni.
Nalika majapahit den bedah.
Prabu Brawijaya nyrahke,
Datan mergo den buru.
Datan margo kawon ing jurit.
Amung netepi jangka.
Waskita Sang Prabu.
Uga Sunan Kalijaga.
Nywun ngapura melu mbedah Majapahit.
Rumangsa nduwe salah.
Pramula wiwit ing wektu kuwi,
Tumrape kanggo wong Janah Jawa,
Tan den wengku pamomonge.
Wonten sengkalanipun,
Sirna Ilang Kartaning Bumi.
Iku tegese ilang,
Sirnanipun wahyu.
Banjur Sunan Kalijaga,
Asanepa kumitir bedah ing pinggir,
Dondomen jlumatana.
Jaman smono Kanjeng Sunan Kali
Waskito jangkane kang tumeka
Gugate panjenengane
Hangagem destar Wulung
Lung iku iklas ingkang werdi
Amung melu kewala
Ngiklaske kang dinut
Nderek netepi kang jangka
Ajaran sejatinipun ingkang yekti
Kang kinandut ing ’’Wayang’’
Warni – warni gelaran kang ngilmi
Sking skabehing wali langkung lebda
Amargi sampun pinanggeh
Baginda kilir Wahyu,
Den wedarake Ilmu Sjati.
Ajaran kang sanyata.
Nabi Khidir iku
Guru Sunan Kalijaga
Khidir dununge ing telenge jaladri
intinipun semesta
Sapa reke bisa sa’frekwensi
Amarga daya minese rasa
Khidir njur bisa ketarek
Wujudipun mung wahyu
Lamun nyarira badaneki
Bisa dadi wong lebda
Puncakipun ilmu ,
Ska O – Alfa mnyang O – Mega
Awit awang uwung nganti technologi
Ing njro Khidir priyangga
Lamun bisa dipun sarirani
Tan bisa kamot ilmu skabehnya
Beja antuk sa’persene
Yen khidir Arab iku
Pangeran mendra mesu budi
Hambeg satriya tama
Welas asih agung
Mesu budi nggulung karsa
Rasa mines nyendul telenge jaladri
Khidir mijil nyarira
Lamun kang pinesu iku rasaneki
Antuke wahyu ingkang sanyata
Nanging lamun nyuwun sugeh
Drajat pangkat lan ampuh
Sking alam ingkang nyumadyani
Uga bisa sembada
Nging nugrahaneku
Durung ska kedaton Allah
Mula apek banyu apikulan warih
Mek ngilmu sangu ngilma
Pangestine wektu mesu budi
Frekwensine tumuju gegana
Kang selaras njur tinarek
yen suksma bisa mlebu
banjur nyetir badanireki
iku nora prayoga
Mula akeh dukun
Jenengipun kang nyarira
Saka penjalukipun ingkang nyawiji
cah enom parabe eyang
Murih nora bisa sasar kaki
Akeh suksma kang aneng gegana
Bali tan ngerti dalane
Kumleyang nggawa bandul
kinjeng tanpa soca s’umpami
kabur dening maruta
Kang mangkono iku
Kabotan materi donya
Lamun arsa bisa nglawan grafitasi
Zuhud ,lawan wiragya
Apa maneh wong ingkang sring wirid
Pasa tirakat golek kadonyan
Akeh anyedot kodam e
Yen suksma tekeng lampus
lir plendungan konthal – kanthil
nggentewang arsa munggah
bali maneh mudhun
Isih nggendhong material
Arep bali ora nduwe wadhag malih
Wujud tan kasad mata
Ora saben mati iku bali
Wani matio sajroning gesang
Siji meper kadonyane
Lan nglepas suksmanipun
Ngraga suksma mawas diri
Pisah suksma lan raga
Sira bakal dunung
Nalikane pisah raga
Banjur menyang ing ngendi paranireki?
’beh sih swasana donya
ingkang sinebut Inna lillahi
Lamun ngerti ihdinassyiratal
Mustakim, ana ayate
Sinten kang kasebut ?
Yesus sang Pangeranneki
Dalan lurus sanyata
’’Sowan Gusti iku
Tan liwat Aku tan bisa
Amarga Aku ana ing Ramaneki
Lan Rama ana Ing Wang’’
Yesus Pangeran iku Roh Suci
Uripipun sarira priyangga
Iku kang dadi Kretege
Mbiyen nalika mudun
Nur Jagad ingkang hanganthi
Mudhun ana ing ndonya
Uga wangsulipun
Mula mulang para Putra
Murih bisa dadi Satriya Sejati
’sung suwarga leluharnya
Patang Ewu Sanga Nem kuwi
Jumlahe leluhur rolas turas
Saget dipun swargaake
Lumantar pnyuwunipun
’’Putra’’Rama ingkang Sejati
Lumampah ana ngarsa
Kinanthi ing ngayun
Purbawasesane Rama
Suksma sampun netepi Innalillahi
mnyang Sonya Ruri loka
ingkang aran ’’Rama’’ diwastani
’’Rasa Manunggal’’ kang gumlar ika
Rasa kang nggelar jagade
Yen dadi siji ngumpul
wastanipun Rama Sejati
iya Gusti priyangga
ingkang aran ’’Ibu’’
Ingsen – ingsene buwana
Yaiku Urip ingkang hangelimputi
Wonten skaliring wadhag
Tidak ada komentar:
Posting Komentar