ADVERTIZED

ads ads ads ads ads

Kamis, 16 Desember 2010

JANGKANITISASTRA

Dhandhanggula

RUKUN AGAMA

Sejatine ’beh agama kuwi,

Handuweni aturan kang padha,

Mrih tumeka pangestine,

Amung sariatipun,

Dijumbuhake nurut negri,

Sipate beda – beda,

Yen negaranipun,

Kahanane sarwo panas,

Sipate manungsa gampang owah gingsir,

Mula srengate ketat.

Nanging ing negri kang alami,

Sarwo endah swasana alamnya,

Tan nganggo akeh srengate,

Langsung hakikinipun,

Marga akeh sipat kang becik,

Pancen swasana alam,

Mahanani makhluk,

Ora gampang jahiliah,

Kaperbawan mangane akeh nabati,

Gampang sabar lan sadar.

Sema’en wedaran ngisor iki,

Menawa rukun islam menika,

Yo ugo diajarke,

Ing ’gami liyanipun,

Carane kanggo miyak wadi,

Supaya bisa pirsa,

Gusti lawan Rasull,

Kang beda ing tata cara,

Mangkono muga ndadekake mangerti,

Yen ’beh ajaran padha.

Kanggo miyak wadinipun Gusti,

Pangudinipun ana limang trab,

Syahadat ping sepisane,

Ing kana wadinipun,

Anyekseni anane Gusti,

Kalawan Rasullullah,

Werdine puniku,

Anyekseni nganti krasa,

Ora mung apal tembung lan apal arti,

Banjur dijamin Swarga.

Mula murih bisa hanyekseni,

Kudu tinempuh nganggo sembahyang,

Sholat iku sariate,

Dununge lagi laku,

Mrih raga santosa lan tertib,

Jatine sholat ika,

Gusti datan butuh,

Klambi, papan lawan basa,

Sholata jroning kalbu ing papan sepi,

Tan kawistara liyan.

Nanging jatining sholat puniki,

Sinambi makaryo pa wae bisa,

Yo sholat daim wastane,

Nanging sholat puniku,

Lungguhe mung ngaturke bekti,

Durung bisa senggolan,

Karo Gustinipun,

Mula murih bisa pana,

Kudu bisa hanyilakna aling – aling.

Disisir klawan Jakat.

Sariate ngelong – longi duit,

Harto iku simbule kadonyan,

Jakat iku hakikate,

Nyuda katresnanipun,

Taline donya diudari,

Wujude banda donya,

Banda donya iku,

Ingkang ndadekke warono,

Anak bojo drajat pangkat lan artati,

Sudanen krana Jakat.

Menawa iku durung nyukupi,

Kanggo miyak wadine syahadat,

Margo isih waranane,

Mula kudu diwasuh,

Sarono raga dipasani,

Sariate tan nedha,

Sewulan ing stahun,

Dawah ing wulan Romadhon,

Nging hakikate pasa iku hanali,

Angen – angen kang kroda,

Ngen – angen iku tansah makarti,

Klawan karsane Panca Indriya,

Iku dadi waranane,

Mula kudu dibendu,

Ditali murih ra makarti,

Yoiku aran pasa,

Gatekna puniku,

Murih bisa mbuka warana,

Ora mung tan maem nginum wae kui,

Datanpa guna.

Yen kapeksa durung mahanani,

Diwanekke dadi tamu Alloh,

Yo munggah Kaji arane,

Murih bisa ketemu,

Kudu kurban kang ditresnani,

Ya iku ingkang mbanda,

Mrih enggal ketemu,

Wewadinipun shyahadat,

Nging ngertiya werdining Qurban puniki,

Ora njur mbeleh kewan.

Duk naliko kanjeng Nabi Ibrahim,

Kedawuhan mbeleh Ismail ika,

Mbi merem nigas jonggone,

Kocapo melekipun,

Kang ditigas wujude ganti,

Dadi wedus wujudnya,

Iku simbulipun,

Yen luwih nresnani Allah,

Tan bakal pisah karo kang ditresnani,

Gusti hanamung nyoba

Pramula menawa munggah Kaji,

Arso pingin ketemu Allah,

Tekade mung siji wae,

Kang ditresnani iku,

Kudu wani ngorbanke yekti,

Yen wis ngerti mangkana,

Sabanjure iku,

Aja njur nyikara kewan,

Yen bisa ngomong sambate melas arsi,

Qurban kewan ika,

Daging klawan getih datan dugi,

Ana ngarsanipun Gusti Alloh,

Yen tan kersa maleh,

Dahar daginge iku,

Wus tan nganggo merjaya jalmi,

Aran Vegetarian,

Angkoro bakal surut,

Peperangan bisa mendha,

Sapadaning jalmo dadi welas asih,

Nyumbang tentreming donya.

Salajenge aran Munggah Kaji,

sareate dugi menyang Mekah,

nanging apa saget panggeh ?,

Gusti wujudipun Ruh,

lamun arso kepanggih Gusti,

tan susah menyang Mekah,

ing Pribadineku,

arane Alas Ketangga,

ing kono ana Ka’bah ingkang Sejati,

sangkan – sangkane obah,

Lamun siro wus tuwajuh, kaki,

Bakal kawiyak wadi syahadat,

Hanyekseni ing Gustine,

Ugo nyekseni Rasull,

Kanthi krasa ingkang sayekti,

Yeku aran Rasull,

Sang Kristus, Apa Sang Budha,

Yen bisa ketemu Rasull apa Roh Suci,

Pada lan panggih Allah.

Marga Allah ana ing Roh Suci,

Roh Suci ana ing Allah,

Kabeh wus cetha ayate,

Yen wus padha sarujuk,

Becik wus aja ngrembug ’gami,

Margo kabeh sajuga,

Genti kang dirembug,

Sakapti saeko proyo,

Kabeh mnungsa njaga lestarine Bumi,

Wah gingsire meh prapta.

Kepriye murih ora bisa nemahi,

hukume aksioma logika,

yen bumi arso hancure,

margo pakartinipun,

suksma kang durung padha bali,

kang ala gawe gendra,

nyusupi rumasuk,

ing pakartine manungsa,

banjur lakune nyimpang saka agami,

mahanani kriminal.

Mangertiya ing Jagad saiki,

Skehing suksma kang durung sampurna,

Ditambah suksma kewane,jutaan cacahipun,

Ing saben dino dipateni,

Njur madeti gegana,

Asung panasipun,

Bumi lan sipat manungsa,

Kang mahanani Global warming sayekti,

Mula matur nuwuna,

Isih ana wong kang welas asih,

Nyeimbangke kahanan gelar,

Dadi vegetariane,

Asih mnyang kewanipun,

Gelare laku welas asih,

Gulunge trus manedha,

Nggembleng Gustinipun,

Murih tentrem hanentremnna,

Hanentremake komonitas bumi,

Gusti ingkang mujudna.

Kalamun arso bumi lestari,

Pancen mnungsa tan bisa murba,

Kang perlu ditindakake,

Amung laku anggulung,

Yeku sabar nrima,wlas asih,

Iklas jujur temenan,

Laku sakwatipun,

Margo jalmo tan sampurna,

Nanging lamun temen gusti ngijabahi,

Bencana tan tumama.

Ngertiya kehidupan ing planit,

Kang padha karo Bumi iku Mars,

Kahanane mrihatinke,

Katon alame hancur,

Diakibatke Global Warming,

Amarga wektu smana,

Wong pakartinipun,

Anguja angkara murka,

Kang bisa komonikasi telepati,

Lan penduduk planit Mars,

Pesene wong kono among siji,

Murih dadio Vegetarian,

Amargo mula bukane,

P’manasan Global iku,

Sakeh suksma kang durung bali,

Madeti ing gegana,

Tambah suksmanipun,

Kewan dibelih ‘mben dina,

Rasa ra trima kewan digawa mati,

Banjur nyusup ing mnungsa,

Akeh manungsa kang nguja napsi,

Wong angkara nyedot suksma ala,

Kang sipatipun sejenis,

Banjur ketarik mlebu,

Mula wong kang seneng korupsi,

Amargo kesusupan,

Suksma kang rumasuk,

Nyetir mnungsa mburu donya,

Njur nebangi hutan ,explorasi Bumi,

Seneng mbathi kewala,

Hokum keseimbangan wus pasti,

Wong nandur bakal ngunduh darmanya,

Hanampa wohing penggawe,

Tan mulur uripipun,

Wekasane manjing Jumani,

Banjur tedhak turunnya,

Nampa tulahipun ,

Papa nista tanpa arta,

Waosen ‘’Kinanthi Warisan Utami’’,

Yen turunne mrih mulya.

Tidak ada komentar: