ADVERTIZED

ads ads ads ads ads

Kamis, 16 Desember 2010

JANGKANITISASTRA

Pocung

ALAMAT DONGA

Kalamun jeneng sira duwe panyuwun

Jo salah alamat

Tibakna telenging Ati

Ora susah ndangak lir Dewa Naradha

Nadyan ra nyuwara Gusti pirsa langkung

Kabeh kebutuhan

Tan njaluk Gusti wus Uning

Nyuwuna Urip,slamet, tentrem lan waras

Kalamun nyuwun saliyane puniku

Wani a nelangsa

Supaya aglis dumugi

Gusti lenggah ing telenging rasanira

Aja nyenyuwun marang para leluhur

Jare cepet teka

Ananipun suksma kuwi

Nandakake kalamun durung sampurna

Suksma – suksma kang isih nglembara iku

Datan ngerti dalan

Pamomonge wus ngoncati

Duwek’e suksma kari rasa pangrasa

Lamun rasa pangrasane susah iku,

Sinebut ing nraka

Persis lir kadya ing ngimpi

Seneng katon bungah, sedih krasa susah.

Kang marai bungah lan susah puniku

Ing donya kabandha

Memori Ginawa mati

Eling tresna mring anak, bojo lan arta

Suksma iku panggone ing kayu watu

Pangrasane omah

Sapa wong bisa meruhi

Iyo ngono kuwi rumangsane suksma

Kaya kayalan awake dewe iku,

Ngen – angen krajaan,

Iku pangrasane yekti.

Kabeh fatamorgana tan ana nyata

Mangkana uga suksma – suksma kang bingung

Angen – angen nyipta

Rumangsa ayu lir dewi

Kang ketarik rumangsane iku nyata

Kanggone wong ingkang awas ing pandulu,

mlaha katon cetha,

tinon kisut lir mak lampir

Mula ja kolaborasi karo suksma.


BOOK BY TERM NITISASTRA extracted MPU BRI HAWAN NOTOSEWU REAL BOOK OF NITI RM.KOESEN (Contains data Kasunanan Intelligence Agency Surakarta Palace also contains a prediction that something will happen around the world)

Tidak ada komentar: