ADVERTIZED

ads ads ads ads ads

Kamis, 16 Desember 2010

JANGKANITISASTRA

Sinom

NJINGGLENG SABDANE ROHULLOH

Njinggleng sabdane Rohullah

” waspadaha marang ahli,

Ahli kitab kang ajubah,

Kang seneng yen dihormati.

Lungguhe paling ngarsi

Ngarep majelis puniku

Karo ing pasamuan,

Lan papan ibadat suci.

Seneng ndawakke donga nglabuhi soca”.

Ngendikanipun Rohullah,

Wong ingkang mangkono kuwi,

Wus pasti hukume awrat.

Ana maneh juru adil,

Ganti dipun adili.

Kalamun dadi pamutus,

ana wektu sa’mengko

ewuh aya ing pambudi.

Yen manira luwih becik rasembrana.

Jamane wus aneng ngarsa,

becik wiweka lan eling,

Gusti rawuh murih pirsa.

Marga rawuh kaya maling.

Datan ana kang uning,

nadyan MALAIKAT lan Yesus,

uga para malaikat,

nanging nalika ngrawuhi,

gedene prabawa nuwuhke bencana.

Gedene kalangkung timbang,

Kang wis pernah ana bumi.

Yen tanda – tanda wus prapta,

Getere wiwit ska cilik,

Enggal golek papan inggil,

Ja ing papan kang dibangun,

Horeg bumi prakempa,

Tan wonten jalmo kang urip,

Kalamun nora digawe mung sedela.

Marga pamundute Putra,

Jalmo Pininta Pinilih,

Kang kaserat iki sabda !

Tinulis ing kitab suci.

Sabda Palon wus janji,

Sabda datan bisa wurung,.

Kang eling lan waspada.

Akeh wong kang ngaku suci,

Aja kaelu nadyan duwe mujijat.

Mangertenana pra janma,

Kang nolak rawuhe Gusti,

Kang mbiyen nolak Muhammad,

Kang mbiyen nolak Ibrahim,

Nuh, Musa kabeh nabi

Kalebu kang nolak Yesus.

Yektine iku sapa ?

Yaiku wong kang fanatik,

Kang nora gelem nimbang kalawan nglimbang.

Nyurasa ayat tan bisa,

Tan kersa sinau njawi.

Kukuh bakuh ing agama,

Saringane tan nguningi.

Gawe sekat ing diri,

Pada pleg karo ing buku.

Ing wektu rawuhe Gusti,

Panutan kang dipun puja lan ditengga

Datan bisa kauninga.

Dikira padha agami.

Mula coba waspadakna,

Wektu pra Nabi dumugi,

Wong bodho kang ’keh uning,

Amung sithik kang sarujuk.

Kang fanatik tan kersa,

Lan agamine tan sami.

Marga aturan lan ajarane bedha.

Yen intine yekti pada.

bedhane srengat lan nami.

Kalamun mandhap ing Jawa,

Temtu ngagem cara Jawi.

Snes Arab lan Ibrani.

Dudu gami Budha Hindu.

Kristen, Katholik, Islam.

Sintho, Khong hu chu lan Srani

Mangkono kanggo kang kersa hanyurasa.

Tidak ada komentar: