Dhandhanggula
KANCA TANI LAN NELAYAN PAHLAWANKU
Bebasan iki resepna ati
’’kita ialah apa yang dimakan’’
Lamun kang dipangan sae ,
Ya apik kang kinandut
Ska badan lan sipat prayogi
Nanging yen kang dipangan
Angandung reracun
Ndadekake raga lemah
Uga bisa mahanani sipat juti
Pramila waspadaha
Kalamun sira arsa mangerti
Dununge wong guna wonten donya
Kang akeh pengabdiane
Nanging tan kena aruh
Yo iku ’’Pahlawan Sejati’’
Ingkang nyediani pangan,
Awit Sudra mnyang Ratu
Saka Presiden mnyang rakyat,
Sapa iku kaki, ra liya ’’Petani’’
Pahlawan tan tinanda
Negara agung kang disegani
neka warna potensi alamnya
Pryoritas ing agramine
Nanging kocapa iku
’’Pitik ing lumbung mati ngelih’’
Negari impor beras
Kena apa iku?
Petani sinetir pjabat
Kinedahake nggunake obat karbit.
Jare pantun glis tuwa
Skawite seneng bungah ing ati
Negri kondang swasembada pangan
Wong amanca gumun kae
Gumune kok yo nurut
Margo ngerti isine karbit.
Suwe – suwe wekasan,
Siti dadi tandus
Neka – neka jenis lara
Ska fisik mnyang sipat keno penyakit
Umure padha suda
Sakwise kabeh padha nyadari,
Pokok masalahe ana pangan,
Tego ngracun jalma akeh,
Manungsane kajenu.
Lan insektisida hewani,
Kabeh kaelu muspra
Bumi banget muwun
Mulihake uga lama
Wus datan endah maneh kang ekosistim
Kapurba ska manungsa.
Mangga- mangga para kanca tani,
Sami saiyeg saeko praya
Enggal bangkit mulehake
Tan susah nunggu – nunggu
Mnyang sapa gunganne Petani?
Ptani kaina – ina.
Ananging lamun butuh,
Petani disubya – subya
Duh Gusti mugi paring kiat pra tani
Ing tembe kaunggulna
Nanging aja susah para tani,
Wus wancinipun sungsang bawana.
Wong ngisor diumbulke
Kang ndwur kabur lir kawur
Kanca tani gya haniteni
Tan dangu nggal kajula
Revolusi Hijau.
Bakal tumiba ing ngarsa
Sapa kaina katedakan sking Gusti
Sbab Gusti ya kaino
Ingkang amung nggelemi sing apik,
Bakal gya kasusul ingkang ala
Contone abuk kang resik,
Malah angandung racun
Nanging yen butuh kang qualiti
Dumunung ana tinja
Sing ina wus muncul,
Wus kersa weh kesaenan
Tinja lan sampah wis wiwit diurusi
Kadang sudra ja smelang
Ingkang ngurusi Gusti pribadi
Sing penting smarah kersane Allah
Nyambut gawe sak madyane
Ora sah dhuwur – dhuwur
Lamun tiba kanteb nemahi
Wiweka solah bawa
Ngenteni wahayu
Wahayaning kalamangsa
Jumedule Petruk dadi Ratu, kaki
Wong cilik padha suka
Kanggo ingkang kersa sun jarwani
Lan ingkang kersa dak undang kadhang,
Waspadaha lungguhe,
Jo tansah nyawang bentuk
Apik ’iku ukurane fungsi.
Po ngira fungsi tinja,
Wus elek lan mambu
Nanging tan mbuwang babar blas
Awit gas-e, ampase, karo bakteri,
Aweh guna manungsa
Ugo kang kanggo imune wong sakit
Awujud virus asung tetamba
Kanggo penangkal sakite,
Smono uga kang wujud
Pasenetane Suci Gusti,
Disengker marga ina
Mtentheng lan mecucu
Bentuk ala ning miguna
nggo pisuhan ning dianggo, apa kuwi?
Wadi wadon lan lanang
Ing kono rahasiane Gusti
Sanepa kang tanpa den gatekna
Akeh ingkang ngremehake
Sayektine puniku
Sjatine rasa paweh ngerti
Puncak rasa iku Sabda
Roh Suci tumurun
Dudu raga kang tumedhak
Ana donya ala becik migunani
Rupo dudu ukuran.
KANCA NELAYAN
Kadangku nelayan ing jaladri
Pakaryanipun agaden nyawa
Karyane miguna gede
Nyediakake lawuh
Asung protein gisi inggil
Kang dibutuhke marang
Wong papa lan agung
Nelayan banget miguna
Mnyang kepinteran keh asung kontribusi
Nelayan yo pahlawan
Pahlawan, piye kabarmu s’iki?
Apa gampang golek bahan bakar?
Apa wis murah regane?
Opahmu bakal jumbuh
Pinter – pinter saturun wuri
Dadi pemikir hebat
Entenana iku,
Sabaro ing sawetara
Waspadaha lan nelangsaha mring Gusti
Nugraha bakal prapta.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar