ADVERTIZED

ads ads ads ads ads

Kamis, 16 Desember 2010

JANGKANITISASTRA

Dhandhanggula

GLOBAL WARMING

Ingkang diwastani ’’Global Warming’’

Iku pemanasan kang warata

Temene apa sebabe?

Pencairan ing kutub

Fungsi kutub nggo penyetabil

Iklim kang ana donya

Panas dadi idhum

Mnawa atis krasa panas

Dayanipun kutub bisa mahanani

ambengkas panas Surya

sebabe panas ana ing bumi

amargane efek rumah kaca

iku amarga tipise

lapisan ana ndhuwur

kang dipancarke kutub kuwi

dayanipun wus lemah

kutub kurang minus

amarga rusaking alam

ingkang nuwuhake gas metana hydrit

lan karbondioksida

Gas metana iku mbebayani

Ping trilikur timbang CO dua

Milyaran tons ing jumlahe

Akeh beku ing kutub

Kalamun akeh ingkang cair

Atmosfir saya panas

Yen nganti kebacut

’keh jalmo tekeng pralaya

Ana maneh hutan alas ditebangi

CO dua linepas

Ana gegana ngrusak atmosfir

Alas akeh nyerab CO dua

Mula alas keh fungsine

nging wus akeh kang rubuh

marga manungsa kang ambathi

nguja angkara murka

tan mikir bebendu

kinira slamet kewala

datan mikir saturun – turun kawuri

kang angunduh rekasa

ana gas kang asung kontribusi

ping telung atus luwih bahaya

katimbang CO duane

asale saka pupuk,

lan CFC gas – gas pendingin

ran Nitrogen Oksida

CO dua iku,

Karo CH4 ika,

Ditambah NO penyebab Global Warming

Kabeh iku wus nyata

Gas – gas mau yen kena atmosfir

Nipiske lapisan Rumah Kaca

Tan bisa nahan Srengenge

Sorote tan kabendung

Rumah Kaca tan darbe fungsi

Kalangkung panas donya

Wus lemah Ass Kutub

Awit purbane manungsa

Ndadekke nangise kang Ibu Pertiwi

Tan ngreksa malah murba

Lamun mnungsa isa murba bumi

Bumi genti amurba manungsa

Kalamun teka wancine

Ibu banget sing muwun

Tangise bisa ngeleb jalmi

Keh kang manggih pralaya

Yen ibu njur watuk

Ngetokake lindu horeg gonjang – ganjing

Ibu, enggal menenga

Ibu Bumi sampun nggene nangis

Amarga manungsa datan pirsa

Kang nuwuhaken rusake

Amargi pokalipun

Suksma titah kang wonten njawi

‘‘Kama Wurung‘‘ manungsa

Kalawan ‚‘‘Sri Mawur‘‘

Suksma murka lan hangkara

Kang asung kontribusine Global Warming

Nyarira dateng manungsa

Para Putra kang nderek mengsahi

Kanjeng Rama kang murba wasesa

Ibu enggalo gumujeng

Sampun anggene muwun.

Mangkono sebabing dumadi

Akeh manungsa kapurba

Suksma njawi iku

Kang padet ana gegana

yaiku penyebab yekti Global Warming.

Manjing nyetir manungsa

Datan bisa dipuntanggulangi

lamun nora Sang Wisnu Priyangga

Tumedak hangrampungake

Hanumpes kang reridu

Banjur manungsa bisa eling

Angkara sampun sirna

Musibat wus surut

Njur ganti Jaman Kencana

Tandanipun Kutub lor Kidul wus ngalih

Ska Kulon terbit surya

Sungsang buwana bawana balik

Mangkono tandane akhir kalpa

Para janma wis sumende

Amung sendika dawuh

Roh Suci nangkoda pribadi

Jalmo mukti yuwana

Ibu kersa ngguyu

Rama wlas asih lan tresna

Putra mung olah Asmara sukeng ati

Tentrem mukti wibawa


BOOK BY TERM NITISASTRA extracted MPU BRI HAWAN NOTOSEWU REAL BOOK OF NITI RM.KOESEN (Contains data Kasunanan Intelligence Agency Surakarta Palace also contains a prediction that something will happen around the world)

Tidak ada komentar: