ADVERTIZED

ads ads ads ads ads

Kamis, 16 Desember 2010

JANGKANITISASTRA

Dhandhanggula

SABDA JANGKA LAN RAMALAN

Akeh mnungsa kang tan mangerteni.

Kang diwastani Sabda punika,

Ketemune unsur kaleh.

Obahe rasa iku,

Kang saking telenging jaladri.

Ketemu obahe njaba.

Wicaksane wahyu.

Ketemune dadi sabda.

Margo nggendong lan ngingseb banjur dadi Sir.

Wujude mak nyut iku.

Yaiku kang mahanani Uni.

Muni iku sangkane ska muna.

Muna yen wis kersa mune,

Njur dadi swara metu.

Lamun swara diwola – wali,

Iku arane kandha.

Manungsa puniku,

Kabeh kedunungan sabda.

Lamun lagi ana frekwensi kang inggil,

Contone yen nelangsa.

Omongane bisa mahanani.

Mula jo seneng gendak sikara.

Yen lagi nela rasane,

Njur nyepatani, mak cul.

Ucape metu otomatis.

Pasti dadine nyata.

Mula Sabda puniku,

diwola – wali tan bisa,

kang aran ngendikane Sabda puniki,

Lamun Gusti nyarira.

Lamun lagi nggembleng nunggal dadi siji.

Lir Bima dijangkung Sang Hyang Wenang.

Sing nywara Penjenengane.

Angobahke tutuk.

Angen –angene dilewati.

Wus ra bisa suwala.

Jenenge Wahayu.

Kang ska Sir iku Mukjijat.

Kang ska Dattollah iku karomah yekti.

Mangunah ska sipat.

Bedanipun Sir kalawan Sihir.

Yen Sir dirancang dhisik tan bisa.

Merga metu krana dhewe.

Kang frekwensine dhuwur,

Dadi saka telenge kalbi.

Mnawa sihir punika,

Kang dumadosipun,

Saking kahanan wis gelar.

Yaiku angen – angene kang makarti.

Diwola – wali bisa.

Mangkono uga kang diwastani,

Lungguhipun Jangka Lan Ramalan.

Jangka iku Jumangkahe,

Urip kang lagi laku.

Mula wujud pasto lan pasti.

Dumadi saking sabda.

Kang njangka puniku,

Wus asarira Bathara.

Gusti ingkang ngobahke sarira diri.

Tan bisa diwurungna.

Ramalan iku mundut sking njawi.

Banjur angen – angene kang nebak.

Mula sipate wah gingser.

‘keh wong ra wedi siku.

Marga ra bisa nyurasani.

Sasmitanipun ayat.

Yen percaya iku,

Ngibadahe tan ditampa.

Nging Po ana Jangka Gusti nora Pasti !

Sapa kang tan percaya ?

Tak trima ajrih mungguhing mami.

Nyebut jangka diganti ramalan.

Becik dinggo ngelingake,

Mrih prayitna saestu.

Jaman Jaya Baya wus dugi,

Yen isih ra percaya,

dadi ndok mun – amun.

Giniles rodaning jaman.

Ginaru linuku sinaringe saring,.

Dhuh Gusti, kaluwarna


BOOK BY TERM NITISASTRA extracted MPU BRI HAWAN NOTOSEWU REAL BOOK OF NITI RM.KOESEN (Contains data Kasunanan Intelligence Agency Surakarta Palace also contains a prediction that something will happen around the world)

Tidak ada komentar: