KIDUNG KINANTHI
KANGGO PRIYAYI LUHUR
Pra pepundenku wong agung
Status kang leres punapi ?
Pelayan pa sesembahan ?
Kang den butuhke wong cilik,
Welas asih lan tresnah a
Ya iku sipating Gusti
Lamun wus tumeka wahyu
Wahyu sumanding wong cilik,
Wediya dayane rakyat
Lamun akeh kang nyumpahi,
Tan wurung manggih cilaka.
Eling purwane ya alit.
Lamun asih ingkang Ratu
Kawulane iya asih
Yen pemimpin duwe daya,
Perbawane wahyu jati,
Rasusah den wara – wara,
Kabeh ambyuk da sumiwi
Wahyu jati iku njedul
Mnyang wong agung kang prehatin
Tan suka yen rakyat susah,
Karyane kalimput ing sih
Titikane wonge papa,
Ngendikane tanpa janji
Ling den eling pepundenku
Sanepane ’’tukar nasib’’
Ing TV pun den tayangna.
Yen datan kersa diwalik,
Saka Gusti kang Kuwasa,
Sumpah njabat ja nyidrani
Jalmo kang waspadeng semu,
Akeh nggumun jroning ati,
Ngerteni kahanan bangsa,
Mranotone morat – marit,
Sinetir obahe ndriya,
Tan saking tulusing ati.
Akeh wong pingin neng ngayun,
Nora margo pingin ngabdi,
Mung krana golek jabatan,
Bodrone tan sepi pamrih,
Wusanane tan sembada,
Bot repote tibo wuri,
Lamun dipikir saestu,
Mundak apa aneng ngarsi,
Akeh ndeder kaluputan ,
Siniraming banyu lali,
Lamun tuwuh melik brana,
Tan wurung giniring bui.
Mangkono priyayi luhur,
Yen uning jatining janji,
Temtu tan wantun sembrana,
Anggowo amanat Gusti,
Kudu adil paramarta,
Hanetepi dedikasi.
Nanging samangkya puniku,
Tan wruh ’bot amanat Gusti,
Kacihna wong nyalon pjabat,
Ora amargo pinilih,
Akeh amung amodal arta
Nyuwun - nyuwun dipun pilih.
Sadurunge janjinipun,
Kumandange galik – galik,
Lir taruna lara branta,
Njanjeni marang taruni,
Nging sakwise kasembadan,
Ubayane mbalenjani.
Mulo para pepundenku,
Togen kawasisaneki,
Abdekna menyang negara,
Srahna panguwasaning Gusti,
Yoiku aran pahlawan,
Labuh labet mnyang Negari.
Kanugrahan mnyang ’nak turun,
Asmane arum sayekti,
Satriya kang dananjaya,
Datan ngulukke diri,
Jayane kinarya dana,
Asung raharjaning negri
Tidak ada komentar:
Posting Komentar