ADVERTIZED

ads ads ads ads ads

Kamis, 16 Desember 2010

JANGKANITISASTRA

Kinanthi

WARISAN UTAMI

Wanti – wanti mnyang kang purun

Lamun ndika welas asih

Dateng para putra wayah

Aja mariske artati !

Sarta siti ingkang wiyar

Lan wisma luwih ska siji

Warisa ilmu ’’kaweruh

Netepi darmane Urip’’

Yen putra wayah mrih cekap

Sadurunge sira mati

Dumna warisan samadya

Banjur turahane kuwi

wenehna mnyang ingkang butuh

wong kurang sarwo prihatin

ing kono Gusti mirsani

sira nandur bibit riski

Gusti ingkang kepotangan

Nyaure mnyang turun wuri

Nanging aja dipun andum

menehi barang kang mati

Wenehna kang duwe nyawa

Kang bisa suka ing ati

Sira yo nyenengke Allah

Saturun wuri kang nampi

Balik ingkang nguja turun

Ora isa langgeng kaki,

Bisa – bisa nggo rayahan

Wusanane tan nyekapi

Pulih nol wiwit rekasa

Gela wuri tan aguni.

Nabi Sulaiman rumuhun

Nyuwun sugih menyang Gusti

Kang tan ana sing ngungkulna

Marga waskitane Nabi

Lamun sipate manungsa

Bisa kapurba artati

Njur nyawa bisa tinuku

Kabeh napsune makarti

Rusak tatanan ing donya

Mangkono sipating janmi

Owah gingsir lir kitiran

Marga diobahke karsi

Sanadyan ewunan trilyun,

Nabi Sulaiman nggadahi,

Sipate tetep prasaja.

Darbe guna lawan sekti.

Bisa mrentah jin lan mnungsa,

Murih kabehe lestari.

Uga Kanjeng Nabi Rasull,

Lamun nywun emas sahardi,

Alloh nuruti kewala.

Nanging njeng Nabi tan karsi.

Lamun tan telas sedina,

Ajrih ngen – angen makarti.

Mengkono njeng Nabi Rasull,

Ajrih Kapurba artati.

Ngrumaosi sipat mnungsa.

Owah gingsir saben ari.

Luwih becik urip papa.

Nora mikir neko warni.

Balik mnungsa lumrahipun.

Jare manulad njeng Nabi.

Apa iyo siro bisa ?

S’neng nguja hardaning napsi.

Ngono iku kang ndadekna,

Yen mati suksma tinali.

Duh Gusti kparenga nyuwun

Wahyu tentrem kang Sejati

Hamayungi ing kawula

Tinebihna saking napsi

Lumebet ing akhir jaman

Sinaring saringe saring

Salebeting gesang ulun,

Sampun lilo tebih janmi.

Den guyu kinaran edan.

Mangkono ujine Gusti,

Margo kurange prayitna .

Soranipun manggih wuri.

Nanging langkung matur nuwun,

Amarga dados ‘’kinanthi’’

Den tedahne isi ndonya,

Warna – warni sipat jalmi.

‘keh kang mung urip – uripan.

Nadyan jumeneng Bupati,

Yen tan uning Uripipun,

Kethoprakan saumpami.

Apepaes nggo tontonan,

Senenge yen dikeploki.

Yen datan ana kang muja,

Rumaose nora aji.

Sa’umpami Gesang ulun,

Sukses dadi wong kinapti.

Drajat pangkat sugih arta,

Temtu tan panggih wewadi.

Sengkeranipun Jagad Rat.

Nadyan dumunung ing diri.

Matur sewu sembah nuwun,

Sun munjuk dumateng Gusti.

Kang tasih paring nugraha,

Suprih eling Gesang wuri.

Lulusa agenging roba,

K’nanthi Warisan Utami.


BOOK BY TERM NITISASTRA extracted MPU BRI HAWAN NOTOSEWU REAL BOOK OF NITI RM.KOESEN (Contains data Kasunanan Intelligence Agency Surakarta Palace also contains a prediction that something will happen around the world)

Tidak ada komentar:

Pages 131234 »