ADVERTIZED

ads ads ads ads ads

Kamis, 16 Desember 2010

JANGKANITISASTRA

Kinanthi

PAMEDHAR JANGKA

Sapa Jeneng Tua iku ?

Semono ingkang wewangi

Se – Sejati , Mono – Tunggal

Katimbang skabehe Asmi

Semono kang luwih tua

Jeneng tansah di agemi

Yen Gede yo smono iku,

Yen cilik yo smono iki,

Mbiyen duk naliko smana,

Kabeh Mono kang mengkoni.

Semono, tansah disebat.

Mulo kang tuwa pribadi.

Semono sipate iku

Sjatine Tunggal ya Gusti

Wonten pakem pedalangan,

Purba wasesane Gusti

Diparingke Hyang Ismaya

Putrane Hyang Tunggal Sjati

Njur Purba wasesanipun

Semono ingkang samangkin.

Semono sanes manungsa

Roh Suci manunggal Gusti

Wadagipun aneng ndonya

Pak Semono ingkang nami

‘’Gunung kendeng’’ kang dedunung

Tlatahipun wonten pundi?

Gunung Damar Kalinangka

Sih Yogyakarta puniki

Saking Mrapi ngidul ngulon

Nggondo banger ingkang warih

Nggih kang den singkiri iku

Inggih punika Roh Suci

Amargi den sia – sia

Muncule tan dikersani

Manungsa sami kabanda

Datan bisa ngujo napsi

Gunung Merapi puniku

Metunipun Rasa saking,

Palungguhan Ingsun ingkang,

Dedunung gaibing Urip.

Kang Gunung Kendheng punika

Gaib kang dunung ing bumi

Nuswa kendheng kang dikandung

Wkasan dadi Tanah Jawi

Medune wahyu sepisan

Aneng Tanah Jawa kaki .

Wong sandonya turas Jawa

Njur bebranahan ngebaki

Jawa Jumenenge wahyu

Skabehe wernane kulit

Putih KuningIreng Abang.

Sawo Mateng dadi siji

Sadonya turase Jawa

Mulane ing madya akhir

Wahyu bali sangkanipun

Tmurun Jawi hangawiti

Sikil Lawu sisih wetan

Perak Barat dunung neki

Di wisuda stunggal dalu

Pngeran Muhammad kang Nami

Putro Noto trahing Rasull

Ingkang Ibu Prameswari

Ingkang ngasto Kunci Jagad

Kang diwastani ”Master Key’’

Kagungane Gusti Amad

Akeh wong padha nggolek i

Tan kasad mata puniku

Miyosipun krana gaib

Kinira bleger manungsa

Mula katah kang tan panggih

Kang saget kepanggih ika

Ingkang Pininto Pinilih

Gusti Yesus sabdanipun

Arsa mudhun kadya maling

Kinen Eling lan Waspada

Kathah tiang ingkang nenggi

Bangkite hamadha raga

Temtu datan bisa panggih

Wonten maleh ingkang ngantu

Tokoh Nami Imam Mahdi

Margo yen nyawang wadagnya

Tan wonten gambar njeng Nabi

Tan Ginambar wus sanepa

Cahyo wujude Roh Suci

Lamun panggih tokohipun

Datan kersa golek murid

Sarirane Binathara

Mujijate tan nggadahi

Nanging apa apa bisa

Ngendikane mahanani

Samya ajrih waladipun

Perbawane gung nelahi

Kabeh pitakon kajawab

Sektine datanpa aji

Mungsuh tumpes tapis sirna

Sabdane kabeh malati

Pirsa lahire leluhur

Pindha hanunggal sa’ari

Yen nglurug datanpa bala

Menang tan ngasorke yekti

Sapa iku waspadakna

Mijile ingkang Piningit.

Putra swargi Sunan Lawu.

Yeku Wisnu Krisna Murti.

Putra Sulung kang kinasih.

Yo Yesus Kristus Mesias,

Yo Muhammad Rasulullah.

Ajejuluk Imam Mahdi.

Lawu iku langgeng Wujud.

Putra lenggahipun Gusti.

Sunan yaiku susunan,

Swargi iku Sonya Ruri.

Wisnu gesang kang wis nunggal.

Nunggal lawan Sang hYang Widhi.

Kresna langgeng Citranipun.

Citra, wewayange Gusti

Kang Murti iku wastanya,

Manunggal Urip Sejati.

Putra - Rama, Rama - Putra

Yo Urip gedhe lan cilik.

Njur Sang Nata ajejuluk,

yeku ‘’Candra Siji Jawi’’,

yo ing Jangka Jaya Baya,

Candra Siji Jawi kuwi,

wastane Setunggal Sura,

sura ‘ku Rasa Sejati,

yo lakune sabda iku,

yo lakune Banyu Urip,

ingkang tansah menang yudha,

Gusti Amad Surohing,

Alogo, sesebatannya,

Yoiku Urip Sejati.

Lamun pendhak Sura iku,

Nguntapke Kumara yekti.

Kang wus katam nebus dosa.

Sura iku dudu Sasi,

Sura ’ku lakune sabda.

Lakune Rasa Sejati

Ingkang sinabda tumurun

Wujudipun mung Roch Suci.

Kang nguntapake kumara,

Yo mijile Rasa Sjati.

Bisa nyowanke kang Kwasa.

Marga gembleng nunggal suci.

Kang sampun mijil puniku

Herucokro Semono Ji

Bibite urip sajagad

Lintang Srengenge lan Sasi

Uga kang tuwuh ing Bumi

Sking Herucokro bibitnya

Sang Nata dedukuhipun

Gupon tunda tiga kaki

Pindha Raden Gatutkaca

Mpleg – empleg an nyarirani

Badan Rochani sepindhah

Badan Wadag lan Jasmani

Tri Sula Wedha puniku

Gegamanipun Sang Aji

Ing kene tan winursita

Nging arsa uning pribadi

Lamun kersa hangagema

Wreksanipun Sang hYang Widhi


(BOOK BY TERM NITISASTRA extracted MPU BRI HAWAN NOTOSEWU REAL BOOK OF NITI RM.KOESEN (Contains datas Kasunanan Surakarta Palace Intelligence Agency)

Tidak ada komentar: